Sawisé Kena Banjir, Warga Wotgalih Tegal pada Kerigan Nggawé Tanggul Kali - Panturapost.com
Senin, Maret 1, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Sawisé Kena Banjir, Warga Wotgalih Tegal pada Kerigan Nggawé Tanggul Kali

Tanggul kiyé sementara nganggo waring diséni pasir.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2021/01/16 9:58pm
2 min read
0
Pasca Dilanda Banjir, Warga Wotgalih Jatinegara Bikin Tanggul Sungai

Sawisé kena banjir pas lagi dina Rebo (13/1/2021) wingi, saiki warga Désa Wotgalih, Kecamatan Jatinegara, Kabupatén Tegal bareng karo pirang rélawan pada kerigan mbangun tanggul Kali Logeni.

278
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Sawisé kena banjir pas lagi dina Rebo (13/1/2021) wingi, saiki warga Désa Wotgalih, Kecamatan Jatinegara, Kabupatén Tegal bareng karo pirang rélawan pada kerigan mbangun tanggul Kali Logeni, dina Jemuah (15/1/2021). Diarep-arep, tanggul kuwé bisa nahan mluntrahé banyu Kali Logeni wayah udan gedhé.

Salah siji rélawan, Sibat Jatinegara, Rochid ngomong, saben udan gedhé, banyu Kali Logeni mesti mluntrah lan manjing maring umah-umah. Mugané umah-umah nang désa kuwé wis dadi langganan banjir.

“Iya, udan gedhé sedelat baé mesti banjir, soalé wayah banyu kali mluntrah mesti manjing maring umah-umah. Mugané dhéwék bareng karo warga pada gotong-royong nggawé tanggul,” jaréné.

Gawé tanggul sementara kiyé, Rochid nglanjutna, nggunakna waring karo diisi pasir lan pring dadi sing nggo nahan. Tanggul sing digawé sadawanéng rongpuluh méter lan dhuwuré rong méter kiyé diarep-arep bisa nahan banyu kali ébén ora manjing maring umah-umah warga wayah mluntrah.

Baca Juga

Tim Gabungan Jatanras dan Resmob Brebes Lumpuhkan 2 Pencuri Truk Lintas Provinsi

Gawé Ruwed Tok! Garong Loro sing Biasa Nyolongi Trek Dibedhil Kémpolé Daning Polisi

28 Februari 2021
Cek Sejumlah Titik Banjir di Semarang, Ganjar Minta Rumah Pompa Terus Aktif

Cek Sejumlah Titik Banjir di Semarang, Ganjar Minta Rumah Pompa Terus Aktif

24 Februari 2021
Banjir Rendam Kompleks Gubernuran Jateng, Ganjar: Agak Aneh

Banjir Rendam Kompleks Gubernuran Jateng, Ganjar: Agak Aneh

24 Februari 2021
Melas Nemen! Pasangan Lanang-Wadon Seka Tegal Ninggal Kecelakaan nang Brebes

Melas Nemen! Pasangan Lanang-Wadon Seka Tegal Ninggal Kecelakaan nang Brebes

20 Februari 2021

“Kiyé sementara nggunakna waring isénan pasir. Ya minimal wayah banyu kali mluntrah, ora langsung manjing maring umah-umah warga,” jaréné.

Jaréné, sawisé banjir kisat, warga uga pada gotong-royong mbresihna lumpur nang umah-umah utawané dalan désa. Soalé wayah banjir dina Rebo (13/1/2021) wingi ora mung banjir banyu, tapi uga ke-ewor lumpur.

“Kondisiné dalan désa sih wis resik tapi ésih teles,” jaréné.

Sementara kuwé, Kepala Désa Wotgalih, Warji ngomong, kegiatan gotong royong dibagi dadi telung tempat, yakuwé gawé tanggul, ngeruki lumpur nang dalan lan ngurug dalan sing bodhol.

“Seka rong dina wingi sawisé banjir pancén warga lan rélawan wis pada gotong-royong nggo nangani. Lan dina kiyé gawé tanggul Kali Logeni, tepaté nang RT 1 RW 5,” tuturé.

Saliyané kuwé, warga uga pada gotong-royong ngeruk lumpur sing nutup dalan. Kandelé lumpur semadan parah malah ora bisa diliwati mobil. Latané ngurug dalan sing pada bodhol.

“Banjir nang kéné wis langganan, soalé mluntrahé banyu Kali Logeni. Mugané dhéwék pada gotong-royong nggawé tanggul,” jelasé. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: BanjirKeriganKerigan Artinya Kerja BaktiWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Tim Gabungan Jatanras dan Resmob Brebes Lumpuhkan 2 Pencuri Truk Lintas Provinsi
Warta Ngapak

Gawé Ruwed Tok! Garong Loro sing Biasa Nyolongi Trek Dibedhil Kémpolé Daning Polisi

28 Februari 2021
Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal
Warta Ngapak

Tambang Wedhi nang Kali Pedes Tonjong Ora Sida Ditutup, Mung Aktivitase Dibatesi

28 Februari 2021
Warga Sigambir Brebes Pergoki Pencuri Congkel Kotak Amal Musala
Warta Ngapak

Nang Sigambir Brebes Ana Maling Kotak Amal Musola, Untung Baé Ora Digebugi

26 Februari 2021
Ganjar Heran dengan Konflik Kepemimpinan di Kota Tegal: Apa perlu Diruwat Ya?
Warta Ngapak

Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

26 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X