TEGAL — Saleh (30) warga Pulogading, Bulakamba, Brebes kudu diplayukna maring Rumah Sakit sawisé mélu kecelakaan nang ngarep pom bensin Cabawan, Margadana, Kota Tegal, dina Slasa (19/1/2021) .
Saleh sing numpak motor Honda Scoopy plat nomeré G 4652 ACG kuwé ngalami luka parah sawisé dihampad mobil Toyota Avanza sing langsung minggat ora tanggung jawab. Sementara bojoné sing mboncéng, Noviyana (31) sing alamaté nang dalan Blanak, Tegalsari, Kota Tegal mung ngalami luka énténg gara-gara tiba kebalang. Vidio CCTV sing ngrékam detik-detik kecelakaan kuwé malah sempet heboh nang fésbuk.
“Ya pancén kedadénané kaya kuwé. Korban luka énténg lan parah,” jaré Kasatlantas Polrés Tegal Kota AKP Irianto, makili Kapolrés Tegal Kota AKBP Rita Wulandari, wayah dikonfirmasi PanturaPost.com, dina Slasa (19/1/2021).
Nganggo dasar laporan anggota sing ditampa Irianto, peristiwa kuwé kedadén sekitar jam tengah loro awan nang dalan Dr. Ciptomangunkusumo, tepaté nang ngarep SPBU Cabawan. Mauné, Saleh sing nyambut gawé dadi nelayan kuwé mlayu seka arah wétan mengulon lan sempet ngadohi trek sing plat nomeré B 9639 PUE sing dijalakna Suprihantoyo warga Jombang, Jawa Timur.
Pas kuwé trek pan nyabrang mengalor nuju mengétan sawisé nginung nang pom bensin. Merga ora bisa ngindari, motor sempet nabrak trek sing malang. Ngantikan akhiré korban kebalang maring jalur liya utawa jalur lor lan dihampad mobil Avanza sing mlayu seka arah kulon.
Pihak kepolisian seka Polsék Sumurpanggang sing teka maring lokasi langsung nggawa korban maring RSUI Harapan Anda. Lah, nggo supir mobil Avanza sing minggat ésih lagi diuber petugas. Kasus kiyé lagi dislidiki daning Unit Laka Atan Polrés Tegal Kota. (*)
Discussion about this post