Sebab Ana Demo Sing Marahi Penggedé – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Sebab Ana Demo Sing Marahi Penggedé

"Saiki, penggedené gawé oreg. Nggedog Rancangan UU Cipta Kerja sing ngrugikna para buruh, asal ora ngélingi lagi mangsa wabah korona.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
9 Oktober 2020
3 min read
0
Sebab Ana Demo Sing Marahi Penggedé
Share on FacebookShare on Twitter

JAKWIR-JAKWIRÉ Jon Dapuk bingung bin kéder. Saiki wayahé lagi ganas-ganasé pandemi korona. Sing duwé kebijakan uga wis wanta-wanti nglarang sakabéhané masyarakat kon aja kumpul-kumpul. Nyatané éwonan masyarakat pada reg ngumpul ora tanggung-tanggung awor dadi siji nglakoni démo nang endi paran.

“Jan-jané korona kuwé ana beléh, Jon?” takoné Sidul.

“Nah! Kuwé sing yanu éram. Para pengampu kebijakan weling maring masyarakat aja pada kumpul-kumpul matakén virus koronané nyebar endi-endi gén mengkoné angél dibasmi. Nyatané pimén? Wingi wong sajagad ngereg démo ora étungan mudul maring dalan-dalan. Saksi matané Kapér gén énté uga mélu ngliput nyekséni éwonan masyarakat ndelak pada oreg démo. Jal kiyé kepimén?” timpal omongané Darto karo cangkemé kecrék. Tanda déwéké getun lan beléh paham.

ADVERTISEMENT

“Bener omongané Darto bener omongané Sidul. Nyong nyekséni déwék waktu démo masyarakat tumplek blek. Jaréné ora olih kumpul-kumpul, daning éwonan rakyat saporété aksi démo gedéan. Kiyé sing ndadékna nyong bléh yakin angger saiki ana gégéran pandemi korona. Saluguné ana korona apa saluguné kur isu, Jon?” Kapér ora kalah mujar.

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

Anjong nang kéné Jon Dapuk dadi kéder. Kepimén nerangna soal wabah korona? Pan jawab korona ana, nyatané jutaan rakyat saambané jagad tumplek blek gelar démo nentang Rancangan undang-undang Cipta Karya supaya dibatalna.

Jujur, kanggo Jon Dapuk tembé bengi kiyé déwéké ngrasakena ilang aksara kanggo njawabi omongan jakwir-jakwiré.

“Jujur baé nyong ya bingung. Pengumuman sing disampékna para pengambil kebijakan jaréné ora olih kumpul-kumpul. Adong kumpul-kumpul syaraté kudu nganggo protokol keséhatan. Kudu nganggo masker, tangan diwisuhi gén jaraké diatur. Nyatané, kowen pada wis ngarti déwék. Ora étungan masyarakat mudun kabéh ngereg gedung déwan. Tembé saiki nyong ngrasakna kéder. Sing bener endi? Pageblug korona wis lereb apa sengaja digawé isu?” omongé Jon Dapuk sing pancéné digawé bingung.

“Anané démo wingi, nyong akhiré duwé kesimpulan angger wabah korona saluguné mung isu doang! Titik,” omongé Kapér.

“Intiné brita-brita korona mung hoax, Pér?” takoné Sidul.

“Khusus nggo enyong sawisé wingi mélu démo lan nyekséni masyarakat tumplek bleg, korona sing didengung-dengungna kuwé kur isu! Jaré kowen pimén, Jon?” Kapér njawabi Sidul sekaligus mbalang pitakonan maring Jon Dapuk.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi, tangané ngangkat cangkir isi inungan téh poci latané disruput rong cecepan. Sauwisé kuwé kaya biasané nyuled sigarét. Kaya biasané uga, tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk.

“Miturut aturan sing didengungna pemerintah, kumpul-kumpul luwih sing telung puluh uwong dilarang. Acara apa baé dibubarna termasuké hajatan keluarga. Péntas-péntas kesenian ora olih. Kafé uga panggonan-panggonan sing ndadékna ngumpulé masyarakat samana uga dilarang. Péndéké sajeroné pandemi korona mrebak ning akhir-akhir kiyé, masyarakat kudu taat aturan.”

“Termasuké sing kluyuran nang dalan-dalan sing ora nganggo masker didenda satus éwu ya Jon?” sela Darto.

Jon Dapuk mantuk.

“Bisané démo éwonan ora dibubarna Jon?” Sidul nyambung omongané Darto.

Olih pitakonan kaya kuwé, Jon Dapuk meres utek. Bener-bener ning bengi kiyé, jakwir-jakwiré pada pinter molak-malik omongan. Ora sia-sia selawas kiyé déwéké numplek ilmu kanggo jakwir-jakwiré, hasilé tokcér. Uteké jakwir-jakwir dadi pada kritis. Jon Dapuk bener-bener bangga jakwir-jakwiré akhiré pada cerdas.

“Dadi kaya kiyé Dul. Bisané démo dijor klowor, sing marahi ruwed dudu rakyat. Tapiné wong nduwuran sing marahi tuli. Jal diperhatikna, masyarakyat dilarang kumpul-kumpul, matuhi. Kon nganggo masker, préntahé penggedé ya dituruti. Aja péntas, nurut. Tapi saiki, penggedené gawé oreg. Nggedog Rancangan Undang-undang Cipta Kerja sing ngrugikna para buruh, asal ora ngélingi lagi mangsa wabah korona. Ketambahan, Undang-undang kuwé ora béla maring buruh malah nguntungna kolongmérat. Wajar baé adong masyarakat sakandang bentang pada béla maring para buruh akhiré nggelar aksi démo gedéan.

Selawas kiyé, gajih guru ditambah sertivikasi, para buruh ya meneng, ora nglakoni démo. Gaji pegawé ditambah cut TPP alias Tambahan Penghasilan Pegawé sing ditampa PNS utawané CPNS sing kaitané karo penilaian njambut gawéné karo aktivitas kerjané, ya para buruh ora urusan gén ora iri. Tapi saiki, ana Undang-undang sing pan nekek buruh, kiyé bener-bener pan gawé sengsara uripé para buruh. Dampaké masyarakat pada kemelasen, akhiré démo gedéan sajagad gumirat ning endi paran!” omongé Jon Dapuk dawa ngalar-ngalar.

“Dadi démo éwonan masyarakat winginané, kelebuné khususon ya Jon?” omongé Kapér. Sedeng jakwir liyané kur mantuk-mantuk krungu penjelasané Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

“Kira-kira kaya kuwé, Pér!” jawabé Jon Dapuk nutup omongan. (*)

—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Demo BuruhDemo MahasiswaMociTegalUU Cipta Kerja
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In