Sedekah Aja Ditunda-tunda – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Sedekah Aja Ditunda-tunda

Wong sedekah ora kudu lagi ombér. Lagi kekurangan ya aja nganti nunda.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
12 Oktober 2020
4 min read
0
Sedekah Aja Ditunda-tunda

Ilustrasi sedekah. (Foto: Pixabay)

Share on FacebookShare on Twitter

NANG adepané jakwir-jakwiré Jon Dapuk, werna-werna suguhan pancétan. Ana kacang bogarés, pilus kletuk, opak, rengginang, lan liya-liyané ditambah buah-buahan jeruk, apel, anggur, pelem, rambutan, uga dukuh. Péndéké nang bengi kiyé pacetané roa. Sing jelas maning udud tetep nyanding.

Ndeleng suguhan werna rupa, Sidul, Kapér lan Darto héran por-poran. Bab sing kaya kuwé ndadékna jakwir-jakwir Jon Dapuk penasaran. Dudu bengi kiyé baé Jon Dapuk nyuguhi pacétan werna rupa. Saben bengi nang Pos Ronda, minimal ana telung rupa panganan sing digelar nang adepan jakwir-jakwir. Suguhan pacétan rutin, yakuwé kacang asin bogarés, gendér, lan rengginang. Angger udud nomer siji disanding bebas kanggo jakwir-jakwir. Kadangkala, bubar dopokan jakwir-jakwiré disangoni ora ketang 20 éwunan.

Sung! Lomané Jon Dapuk maring jakwir-jakwiré wis dadi laku uripé. Angger dideleng penguripané Jon Dapuk, tah biasa-biasa. Tapi penguripané Jon Dapuk ora pernah kekurangan. Amal sodakohé ora kéri dilakoni. Bab kiyé sing ndadékna jakwir-jakwiré kadangkala ndadak matané mbebes mili. Mulya temen jakwir siji kiyé, laka tunggalé. Kiyé omongané wong telu dong gendu-gendu rasa nalika wong telu kumpul nang umahé Darto.

ADVERTISEMENT

Ning bengi kiyé, jakwir-jakwiré Jon Dapuk mangkina takjub ndeleng pacétan werna rupa nang adepané.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

“Jon, enyong pan takon. Tapi sadurungé sori aja ndadékna kowen ora pénak. Pitakonané enyong kiyé termasuké ya uneg-unegé jakwir-jakwir. Kesempatan pan ngomong tembé saiki tak wani-wanikna. Tapi sepisan maning tulung aja dugal, ya Jon?” mujaré Sidul mbuka omongan makili uneg-unegé Darto uga Kapér.

“Bener Jon. Enyong pan ngomong kayong ora wani. Samana uga Darto, kayong rikuh. Dadi Sidul sing makili jakwir-jakwir kon ngomong. Bener To?” omongé Kapér karo mandeng maring rainé Darto.

“Iya Jon. Yanu pan takon rasané rikuh,” sambung omongané Darto.

Jon Dapuk nyedot ambekan. Jakwir-jakwiré siji-siji dipandeng. Latané mésem.

“Enyong kiyé sapa lan kowen kabéh sapa? Kowen kabéh jakwiré enyong awit SD kosih sapréné pada gedé tuwané. Kowen kabéh paham wateké nyong lan enyong paham sapa kowen kabéh. Bisané ora kepénak bisané rikuh? Ngomong baé uneg-unegé kowen pada. Sok Dul, uneg-uneg ditokna kabéh. Enyong ora bakalan dugal sénggané uneg-unegé kowen isiné kritik, tak trima lapang dada. Wis Dul ngomongan terus terang….” omongé Jom Dapuk. Mésemé gén tetep ditebar. Éseman Jon Dapuk sing ndadékna sedep ning atiné jakwir-jakwiré.

“Kaya kiyé Jon. Enyong karo jakwir-jakwir super héran maring laku urpipé kowen. Saben bengi jakwir-jakwir namu nang kowen suguhané luwah-luwih. Ora sepisan pingdo, angger pan balik enyong pada malah disangoni cut. Jakwir-jakwir ora ndeleng gedé ciliki cut, tapi ikhlasé kowen nrima nyong pada ndadékna gédég-gédég kabéh. Saluguné, kosih kowen ngistiméwakna maring jakwir-jakwir kepimén sih? Jakwir-jakwir kepéngin jelas masalahé, Jon? Ngapura sadurungé ya? Kuwé uneg-uneg enyong pada sing bengi kiyé diwani-wani diutarakna maring kowen.” Dawa ngalar-ngalar omongané Sidul.

Sapisan maning Jon Dapuk mésem. Jakwir-jakwiré meneng getem. Kahanan ndadak dadi serius.

“Sadurungé nyong njaluk maaf mbokan nyong kliru ngomong. Dadi kaya kiyé, nyong ngistiméwakna maring tamu sapa baé, dudu jalaran nyong pan gagahan utawané pamér. Sebab laka sing bisa tak pamérna. Apa sing ana nang umah, sebagian dekené wong liya dudu semata-mata dékéné enyong kabéh. Kuwé arané makmak alias mruka. Kuwé sing pertama. Sing luwih penting, menungsa kudu ngerti maring bab sedekah. Mbuh lagi duwé mbuh lagi kekurangan aja kosih nunda sedekah….”

“Bisané Jon? Wong lagi kekurangan malah sedékah?” Omongé Kapér nugel Jon Dapuk mujar.

“Wong sedekah ora kudu lagi ombér. Lagi kekurangan ya aja nganti nunda. Sing diarani sedekah, nganggo tenaga ya bisa. Selaka-lakané nganggo banyu. Misalé ana jakwir utawané wong liya ngorong butuh sateguk inungan, sagelas mboran diméin, kuwé ya sedekah. Dadi sedekah kuwé, bentuké macem-macem termasuké éseman,” omongé Jon Dapuk.

Kapér mantuk-mantuk. Jakwir-jakwir liyané uga mantuk-mantuk. Bengi kiyé bener-bener jakwir-jawiré Jon Dapuk olih wejangan gedé manfaaté.

“Saben bengi énté sedekah maring nyong pada. Luwih-luwih ning bengi kiyé, suguhané ombér nemen. Énté jebulé sugih ya Jon?” omongé Darto.

“Wis tak kandakna. Nyong kiyé pada baé umumé uwong. Sing sugih Gusti Allah. Enyong kur dicukupi daning Gusti Allah. Kowen pada weruh déwék, kasabané enyong kur dadi wartawan. Bojoné enyong ora kerja, dadi ibu rumah tangga. Dalan ngendi nyong bisa sugih?” jawabé Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

Krungu omongan kaya kuwé, Darto uga mbenerna ora digawé-gawé termasuké Kapér lan Sidul. Penguripané Jon Dapuk biasa-biasa. Ajibé ora tau kekurangan. Kiyé sing ndadékna éramé jakwir-akwiré.

“Selagi ambekan mésih ana nang ragané nyong kowen. Gén harta benda mégin ana sajeroné penguripan, termasuké moyék wong liya pada kekurangan, laka alasan maning kanggo nunda méin sedekah. Nyong kowen beléh ngerti, kosih kapan pan pada urip nang alam mayapada kiyé? Umur laka sing paham, pan nganti kapan duwé kesempatan kanggo nambah sanggu maring akhirat? Selagi mégin akéh dalan kebuka ngablag-ngablag ayoh pada nyedekahna sebagian hartané. Sebab sedekah kuwé ora bakal gawé mlarat malah nambah berkah.”

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk meneng getem. Siji baé laka sing nyuara. Nang jero ati, jakwir-jakwiré takjub maring Jon Dapuk. Awit gemiyén kosih sapréné, kebicikané ora pernah luntur. Jakwir-jakwiré nyekséni angger Jon Dapuk pancén loman. Ora éman-éman adong deduwé, wong lagi kahanané pas-pasan baé tetep loman. Contoné nalika wong papat mégin sekolah nang SD, tuku jajan sapincuk dibagi rata kanggo wong papat. Kelakuan sing kaya kuwé sering disekséni jakwir-jakwiré.

“Rossulullah pernah ngendika: “Bersedekaha kowen pada, sebab mbésuk pan teka maring sapa baé nalika menangi sawijiné zaman, ana uwong muter-muter nggawa sedekah tapi déwéké ora menangi uwong sing gelem nampa sedekahé. Latané ana sawijiné uwong sing ngomong: “Sénggané kowen teka nggawa sedekah wit wingi, pasti nyong gelem nrima. Dina kiyé, nyong ora butuh”. Sabda Rosul kuwé dikutip gonéng HR. Bukhari. Dadi ringkesé, awit saiki aja éman-éman méin sedekah.” Omongé Jon Dapuk.

Ujug-ujug jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada mbrebes mili. Embuh apa sing ndadékna Sidul, Kapér uga Darto kaya kuwé. Sing jelas baé, wong telu nyikem awake Jon Dapuk.

“Kowen pancén wong mulia Jon….”

“Enyong nyekséni kowen wong apik…”

“Yanu bangga duwé jakwir kaya énté Jon. Énté bener-bener panutané jakwir-jakwir….”

Kuwé mujaré jakwir-jakwiré Jon Dapuk sing ora dinyana lan ora ngira. (@)

—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Lanang setiawanMociSedekah
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In