TEGAL — Sawisé sempet dineb sataun luwih, jalur pendakian Gunung Slamet akhiré dibuka maning molai tanggal 17 Oktober 2020. Sadurungé, Gunung Slamet sempet dineb nggo pendaki soalé statusé waspada.
Salah siji wong sing dadi pengurus Basecamp Kompak sing ana nang Jalur Guci, Kabupatén Tegal Wahidin ngomong dibukané jalur pendakian kiyé nganggo dasar surat sing ditokna pihak perhutani. Nang njero surat kuwé, pendaki kudu nuruti protokol kesehatan.
Dhéwéké njelasna, ana syarat-syarat sing kudu dipepeki daning wong sing pan pada ndaki. Nang antarané pendaki kudu wajib nggawa surat sehat resmi (seka daerah asal), wajib nggawa masker, lan wajib nggawa hand sanitizer.
Saliyané kuwé, pendaki uga kudu ora lara lan suhu panas ora luwih seka 38’C. Latané pendaki wajib isuh-isuh tangan sadurungé manjing maring basecamp nang tempat sing wis disediakna.
“Pendaki dipenging ora ngliwati batas aman 1 kilometer seka pucukéng gunung kaya sing ketuang nang jero surat édaran sadurungé,” omongé Kang Iding undangan akrab Wahidin maring Panturapost, dina Jemuah (16/10/2020).
Pirang-pirang persiapan wis dilakoni nggo nyambut wong sing pan pada ndaki. Kaya mbresihna jalur pendakian. Termasuk ndandani penujuk arah, kato masang imbauan batas aman pendaki.
Hal sing padha uga dilakoni pengurus Basecamp Permadi Jungle via Guci Ali Burhan. Dhéwéké ngomong, timé uga wis ndandani jalur pendakian. “Dadi kaya kuwé ana rekomendasi nggo olih dibuka dhéwék wis siap nggo mbuka jalur via Permadi Jungle,” jaréné.
Sementara kuwé, Ketua Basecamp Bosapala via Sawangan, Akhmad Solihul Arifin, ngomong senajan KPH Pekalongan Barat wis ngrilis surat resmi, pihaké ésih nutup jalur pendakian nggo umum.
“Soalé jalur via Sawangan ésih tahap pemeliharaan lan pemulihan jalur. Mugané nggo sementara basecamp dhéwék ora nrima pendakian disit. Ndeyan nang rong mingguan mengarep mbené bisa dibuka,” jaréné. (*)
Discussion about this post