TEGAL — Nang jalur utama Tegal-Bumiayu, tepaté nang Désa Margaayu, Kecamatan Margasari, Kabupatén Tegal, ana kecelakaan tunggal, dina Senén (24/1/2022). Dinyana korban sing numpak motor tiba lan klelep maring kali.
“Motor ditemukna nang pinggir aliran kali sing nuju maring Bendungan Notog Margasari. Nang lokasi mung ana motor lan hélem,” jaré Ketua Gallawi Rescue, Amin.
Seka keterangan warga, korban sing numpak motor matik karo nomer polisi G 2678 CC arané M Amin Ramsus (40). Korban asalé seka Dukuh Satir, Désa Kutamendala, Kecamatan Tonjong, Kabupatén Brebes.
“Keterangan idéntitas korban, dinyana yakuwé salah siji pegawé Dinas Perhubungan (Dishub) Brebes,” ungkapé.
Korban digolét sajegé dina Senén awan daning BPBD Kabupatén Brebes lan warga sekitar. Tapi ngantikan soré durung ditemukna.
“Nggolété karo nyisir aliran kali. Ngésuk rencana tim-é dhéwék seka Gallawi Rescue uga pan ngréwangi nggolét,” tuturé.
Kapolsek Margasari, Iptu Warjiana, wayah dijaluki konfirmasi ngiyakna informasi kuwé. Tapi, pihaké durung mastikna apa korban tiba lan klelep maring kali apa ora.
“Dhéwék ésih nglakoni penyelidikan, dadi durung bisa mékena informasi detilé,” omongé.
Akhiré ditemukna slamet
Tapi, korban saiki wis kumpul karo wong tuwané nang Dukuh Satir, Désa Kutamendala, Kecamatan Tonjong, Kabupatén Brebes.
“Alhamdulillah, korban wis ditemukna kondisiné slamet. Dhéwék wis cék posisiné korban, lan saiki ana nang umah wong tuwané nang Tonjong Kabupatén Brebes,” jaré Anggota Tim Reaksi Cepat (TRC) BPBD Kabupatén Brebes Budi Sujatmiko, dina Slasa (25/1/2022).
Kronologiné
Jaré keterangan sing diungkapna korban, jaréné, kedadénan kuwé awalé wayah korban nglinter nang lokasi kedadénan karo motoré, lan ngalami kecelakaan.
Merga kecelakaan kuwé, jaréné, korban kejebur maring kali sing ana nang pinggir dalan. Untung, korban bisa inggek lan nyabrang kali. Pas anjog nang darat korban mlaku ngantikan anjog wilayah Kersana.
“Seka Kersana kiyé korban balik numpak ojég, lan anjog nang umah wong tuwané dina Slasa mau ésuk sekitar jam setengah pitu,” jelasé.
Saiki, jaréné, kondisiné korban durung mari satus persén. Nggo diejak ngobrol uga ésih angél.
“Korban kiyé katon ésih kéder. Termasuk, pas korban berhasil metu seka kali uga ngaku kekéderen. Tapi, sing jelas korban wis ditemukna slamet,” jelasé.
Sedengé informasi seka laporan Pusdalops BPBD Kabupatén Brebes nyebutna, dina Senén ésuk sekitar jam loro, korban pas perjalanan balikan seka Purwokerto niliki wongtuwané.
Pas perjalanan nuju maring umahé bojoné nang Ketanggungan sekitar jam setengah papat ésuk, korban anjog nang Jalur Prupuk-Songgom, manjing Désa Margaayu, Kecamatan Margasari, Kabupatén Tegal. Nang ruas dalan kiyé, korban dinyana keselen ngantikan nggléyang maring sisi kiwa lan nabrak wit.
Korban dinyana kontal maring saluran irigasi primer lan kéli. Sedengé motoré, ana nang pinggiran kali, lan ditemukna warga jam pitu ésuk. Saiki motor kuwé, wis diamana nang Polsek Margasari.
Dingerténi korban yakuwé Kasubag Progam dan Keuangan Dishub Brebes. Korban dingerténi nduwé kluwarga nang Kecamatan Tonjong, lan selama kiyé manggon bareng karo bojoné nang Kecamatan Ketanggungan Brebes. (*)
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post