Senajan Enggal Bada Aji, Dodolan Wedhus karo Sapi nang Tegal Lagi Ora Patia Rame – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Senajan Enggal Bada Aji, Dodolan Wedhus karo Sapi nang Tegal Lagi Ora Patia Rame

Sing biasane pada korban, jare taun saiki akeh sing pada prei. Ora kaya taun wingi.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
11 Juli 2020
2 min read
0
Cari Aman, Warga Lereng Gunung Slamet Kandangkan Kambing di Rumah

Warga mengandangkan kambing mereka di rumah. (Foto: Syaifullah)

Share on FacebookShare on Twitter

SLAWI – Pandemi Corona utawa COVID-19 duweni dampak sing lumayan gedhe maring bakul kewan kurban wayah enggal Bada Aji utawa Hari Raya Idul Adha 1441 H / 2020 taun kiye. Dodolan kewan kurban taun kiye dipredisikna temurun dibandingna karo taun sing ndisit.

Kiye katon seka dodolan wayah enggal Badaji utawa Idul Adha sing nggari pirang mingguan maning. Dodolan dirasakna peternak lumayan lesu. Kondisi ekonomi masarakat sing durung mari uga dadi pemicune.

Wong sing dadi juragan Kambing Center Tegal Abdul Basir ngomong, taun disit, ana pirang sekola nganakna kegiatan kurban. Tapi taun kiye durung ana sijiya sekola sing pesen kewan kurban. Apa maning nang wayah pandemi, sekola esih dipreikna.

ADVERTISEMENT

“Biasane sa sekola bisa wekas 5 — 7 buntut wedhus,” ungkape Kemis (9/7/2020).

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Dudu mung seka sekola tok sing temurun pesenan kewan kurbane, seka pihak perusahaan ya padha. Biasane pelanggan perusahaan wis pesen kewan kurban. Saiki durung ana.

“Taun kiye nyong bener-bener ngrasakna mudune omzet sing lumayan. Belih mung kuwe, nggo kewan sing asale seka zona abang utawa wilayah Jawa Timur, sementara ora nyong tekakna. Nggo njaga kemungkinane kena saking sing ngater kewan,” jarene.

ADVERTISEMENT

Hal sing padha diungkapna juragan ternak kewan sapi seka Margasari, Hernawa. Dheweke ngomong, biasane wulan Sawal tanggal 10 wis bisa nglayani 20 buntut sapi.

“Angger saiki sepi. Paling mung 3-4 buntut sapi tok. Pelangan-pelangan dingin sing seneng tuku kewan sapi maring dhewek, nyong cacak nawani. Tapi, jawabane nggo taun kiye ora tuku dingin,” omonge.

“Usahane nyong ngalami tuna gedhe nang wayah pandemi,” tambahe.

Hernawa ngomong, uga ana juragan-juragan sing gemiyene bisa wekas sapi premium (sapi gedhe), tapi merga corona kiye dheweke pada ora bisa tuku sing premium. Tapi mung bisa tuku jeniseng sapi sing biasa utawa ukurane luwih cilik.

“Karo kondisi sing saiki dhewek njalani bae. Mugane, nang taun kiye nyong lekas pindah garapan. Tani bawang. Syukur-syukur wayah enggal utawa detik-detik terakhir wayah enggal Hari Raya Idul Adha 1441 H lekas akeh sing tuku utawa pesen kewan kurban.” (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Bada AjiHewan KurbanTegalWarta Ngapak
Share384TweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In