TEGAL — Senajan ora lolos wolung besar Liga 2 musim kiyé, wong-wong tumplek blek nggo nyambut tim Persekat balik maring Tegal, dina Kemis (2/12/2021). Suporter pada nyambut tim Persekat nang Pertigaan Tol Adiwerna kaya pahlawan.
Wayah PanturaPost.com ngileng, massa sing kebagi seka Skaterz lan Red Brigade uga masarakat ngenténi Laskar Ki Gede Sebayu sajegé awan jam loro. Dhéwéké sing kebagi seka bocah-bocah, nomnoman, ngantikan wong tuwa kompak nganggo kaos abang lan ireng.
Bareng teka sekitar jam papat soré, rombongan Persekat langsung disambut ramé nemen. Suporter langsung nembangna chant khas dhéwéké nggo méin semangat maring pemain-pemain. Selanjuté, rombongan langsung diarak muter-muter kota sadurungé maring Kantor Pemkab Tegal nggo ketemu kato Bupati Umi Azizah.
Sementara kuwé, CEO Persekat Tegal Haron Bagas Prakosa mélu nyambut para pemain. Jaréné, Persekat wis nyitak préstasi sing luar biasa. Senajan tim sing dibesut pelatih I Putu Gede ora lolos maring 8 besar.
“Kiyé yakuwé hasil sing apik lan dhéwék ngucapna matur nuwun marih kabéh warga Kabupatén Tegal sing wis mékena dukungan mugané prestasi kiyé bisa dicawél,” jaré Bagas. (*)
Discussion about this post