Setan Belis Mélu Ngobong Bata – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Setan Belis Mélu Ngobong Bata

Apa tumon, makhluk Mhomho Belis semrikut mélu ngobong bata?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
11 September 2020
3 min read
0
Setan Belis Mélu Ngobong Bata
Share on FacebookShare on Twitter

APA tumon, makhluk Mhomho Belis semrikut mélu ngobong bata? Kiyé kedadian laka padané. Ndadak bangsa alus sing rainé rocak-racik, ngawengi nang obongan bata. Sapa ngira sapa nyangka. Ora ngundang ora nyambat, bengi kuwé nang wilayah Desa Grobog Wétan, Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal, ujug-ujug teka Mhomho Belis.

Crita nang nduwur dibabar Jon Dapuk nalika jakwir-jakwiré ndopok nang Pos Ronda. Jakwir-jakwiré sing krungu crita kuwé ndadak ngajug, setengah ngandel setengah ora.

“Kuwé kedadian beneran apa dobolan tok, Jon?” Sidul takon tapi nadané mangmang.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané Jon Dapuk ora gelem nanggapi. Énak baé déwéké nyruput wédang latané nyumed sigarét. Kapér ilon-ilon kaya biasané nyomot rokoké Jon Dapuk saeler.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

“Lokén temenan? Mhomho Belis mélu ngréwangi ngobong bata?” Darto mbalang omongan.

“Aja-aja kur hoax. Wong saiki abadé, abad dobol-dobolan! Akéh wong pada tipu-tipu!” omongé Kapér kaya ngresula maring awaké déwék.

Jon Dapuk pan njawabi, tapi mbak tralap Sidul mbalang pitakonan.

“Yanu takon Jon, énté kuwé ngonangi déwék?”

“Selawas nyong urip, durung mrenahi weruh bangsa alus, To?” semauré Jon Dapuk.

“Sih brita kuwé olih sing sapa, Jon?” Darto terus ndedes.

Tembé Jon Dapuk pan njawabi, Kapér ndingini ngumbar omongan.

“Kowen soglog ya, To?”

“Soglog pimén, Pér? Angger ngomong aja asal ceplos.” Omongé Darto radan culag. Sing dimaksud “Culag” daning Darto artiné “Dugal”.

“Kowen gén ngarti owh. Jon Dapuk kan wartawan, jelasé olih warta sing sumber brita. Mégin ora paham baé? Ajib ah!” sangga Kapér.

“Maksudé yanu kaya kuwé, bol! Mbokata Jon Dapuk mung diapusi. Brita hoax moniné nyata,. Wong zaman saiki zaman canggih. Foto bisa dirékayasa!” timpal omongané Darto.

“Wis aja ribut. Genahé pimén, Jon?” ujaré Sidul.

“Sadurungé nyong mbabar asbubun nuzul crita kuwé, sepisan maning nyong pan kanda soal kewartawanan. Perlu dingerténi ya? Kerja wartawan kuwé ora gampang dibebodo.  Kerja wartawan serius ora kena goroh ora kena mbodoni. Dasar kerja wartawan fakta, fakta, lan fakta. Selawas nyong ngabdi dadi wartawan, ora gampang percaya. Wartawan kuwé kudu kandel rasa curigané maring narasumber. Ditakoni satemené, aja kosih léngah. Adong britané bener-bener nyata, tembé digawé brita. Paham?” omongé Jon Dapuk dawa ngalar.

“Paham Jon!” delak jakwir-jakwiré, kompak.

“Okéh. Tak molai asal-usul kedadian Mhomho Belis mélu ngobong bata,” omongé Jon Dapuk.

Ora suwé, Jon Dapuk latané crita. Jaré déwéké, nalika bengi kuwé lagi léyéh-léyéh nang peturon, ujug-ujug ana kiriman foto kadéhé loro mlebu maring HP-né. Foto pertama gambar Mhomho Belis lagi nang ngarep geni. Sedengé foto sing keloro, gambar obongan bata. Sebut baé sing ngirim foto kuwé, arané Mekar. Jakwir wadon sing dadi Penyair Tegalan, asal wong Desa Pangkah, Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal.

“Olih gambar kuwé, nyong ngrajug tapi tertarik nggo digawé brita. Mulané nyong takon maring Mbak Mekar. Kuwé gambar nyata apa hoax? Menangi déwék, apa olih kiriman?” omongé Jon Dapuk.

“Jawabé?” takoné Darto.

“Jaré Mbak Mekar, menangi déwék. Dudu foto kiriman. Tapi ya senajan kaya kuwé, nyong ora gampang percaya. Jakwiré enyong akhiré tak dedes nganggo WA.”

“Jawabé?” Darto mbalang pitakonan.

“Kaur-kauré nyebar brita hoax. Antum paham owh, nyong kan penyair? Nyambut gawéné penyair saser karo wartawan. Ora kena goroh ora kena mbodoni. Nulis kudu nyata, duwé konték karo kehidupan. Nyong paling najis angger krungu ana menungsa goroh, pénginé ngepruk! Wis Jon, brita kuwé nyata. Nyong ngranapi déwék. Awak sekojur kosih mrinding kabéh! Kuwé omongané Mbak Mekar, jakwiré enyong sing dadi penyair!”

Krungu jabawané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré cep klakep. Puluhan taun jakwir-jakwiré kekancanan karo déwéké, Jon Dapuk cekel kenceng maring kejujuran.

ADVERTISEMENT

“Okéh Jon. Kiyé tah genah asli! Brita ora mbodoni. Tapi omong-omong, nyong takon, Jon? Mhomho Belisé ujug-ujug teka nang obongan bata, pimén?” takoné Sidul.

“Jaré Mbak Mekar, bengi kuwé déwéké dijak jakwir wadoné mélu mbatiri ngobong bata. Pengangguran déwéké motrét wulan, mbidik obongan bata, lan seterusé motrét jéjér obongan bata. Éééhhh… jebulé  barang fotoné dideleng, ana foto Mhomho Belis lagi ketongkrong nang adepan penggenén obongan bata,” omongé Jon Dapuk karo nutugna foto Mhomho Belisé jakwir-jakwiré.

Nyawang foto Mhomho Belis sing rainé rocak-racik, jakwir-jakwiré langsung mrinding. Rainé Kapér malah umpetan nang gegeré Darto.

“To, baliké nyong dianter ya?” omongé Kapér.

“Sikah! Raimu wis gedé tuwa, kecingan. Emoh!”

“Tulung To, nyong bléh wani….” Rainé Kapér tetep ngusel nang gegeré Darto. Makhlum, waktu gemiyén déwéké pernah papagan karo Wong Gedé Duwur matané saterbang Jawa. Kosih sapréné Kapér dadi trauma.

Ndeleng Kapér ngusel nang gegeré Darto, Sidul karo Jon Dapuk nyekakak. Orabada Darto uga mélu nyekakak. (*)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.    

Tags: MociSetan Belis
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In