KAMPUNGE Kaper lagi gegeran ana Setan Jempol. Wong-wong pada panik saben bengi ana bae uwong diwedeni. Kelebune uga Kaper, Darto, lan Sidul ya pernah dikatoni kamben Setan Jempol. Waktu samana critane Darto karo Sidul nganter balik Kaper sauwise ketemuan karo Mas Jon.
Pas wong telu liwat dalan tengah sawah, ujug-ujug saka nduwur wit kapuk, ndadak saka nduwur tiniba setan sing wujude gedene ora mufakat. Wong telu sing weruh Setan Jempol ndadak pit sing lagi digenjot nggesrak maring sawah kabeh.
Kuwe kedadian sing embuh kepiran diranapi nang kampunge Kaper. Wajar nek teka wayah bengi kampunge Kaper sepi liti.
Sore kiye, ora pranti-prantine wong telu maring umahe Mas Jon, kepaksane rebukan karo Mas Jon. Jujur bae wong telu ora wani teka maring Mas Jon nek wayah bengi mbokan balike diadang Setan Jempol. Mula kuwe, wong telu nekani umahe Mas Jon sore-sore. Maksud wong telu nekani Mas Jon, ora liya njaluk solusi pimen carane ngelawan Setan Jempol ben masyarakat kampunge Kaper ora sepi liti maning.
“Tekane nyong mene sore-sore karo Darto uga Sidul, soale wedi nyambangi umahe kowen angger bengi,” omonge Kaper mbuka omongan.
Kaya biasane Mas Jon kur meneng.
“Jujur bae ya Jon, nyong karo Darto pernah papagan karo Setan Jempol. Waktu samana nyong karo Darto nganter Kaper balik ngumah. Nang tengah dalan sawah, saka nduwur wit randu kapuk, ujug-ujug jengongos Setan Jempol wis nang adepane wong telu. Jalaran kamigila pit sing lagi digenjok, mbusuk maring sawah. Kepaksane pit loro ditinggal ning sawah gen rikat mlayu kabeh,” sambung omongane Sidul negasna omongane Kaper.
“Bener Jon. Ning waktu samana, runtage saporete urip. Saumur-umur yanu tembe ngranapi weruh Setan Jempol. Nggilani por pkoke, Jon!” omonge Darto.
“Ngomong-ngomong crita kaya kuwe, pan kepimen? Pan digawe brita maksude?” omonge Mas Jon sekaligus mbalang pitakonan.
“Ora kur digawe brita, tapine sing luwih penting, njaluk solusine piben carane ngusir Setan Jempol. Aja terus-terusan gawe oreg, ngganggu warga kampung enyong!” ujare Kaper nadane tulung-tulungan.
Kaya biasane sadurunge Mas Jon njawabi, tangane ngranggeh gelas isi wedang teh poci. Rong sruputan diinung latane nyumed sigaret. Kaya biasane Kaper karo jakwir-jakwire pada ndudut rokok saeleran dekene Mas Jon.
“Okem. Kuwe perkara gampang. Insya Allah Seten Jempole kalah set.Ora bakal wani teka maning ngganggu maring wargane kowen, Per.”
Krungu omongan kaya kuwe Kaper bungahe por.
“Cara ngusire pimen Jon?” Kaper kayong ora sranta.
Ora kesuwen Mas Jon misiki Kaper. Krungu wejangane Mas Jon, Kaper pesam-pesem.
Gelisan crita, sauwise wayah bengi lubar magriban, wong telu ngenjleg maring umahe Kaper ngliwati dalan tengah sawah, ujug-ujug saka nduwur wit randu kapuk ngadang wong telu. Langsung wong telu ngadepi Setan Jempot. Gen apa sing kedaden?
Solusine Mas Jon bener-bener manjur. Setan Jempol mlayu ngacir ngaku kalah gen janji ora pan nggoda warga masyarakat kampunge Kaper!
Apa rahasiane Setan Jempol ngacir keweden karo wong telu? Jebul, ora perlu-perlune nganggo jampa-jampi, mung cukup dilawan nganggo jentike wong telu. Bener-bener jitu solusine Mas Jon. Sebab sing arane Jempol kuwe kalahe karo Jentik. (*)
___
Lanang Setiawan, kolomnis lan novelis penerima Hadiah “Rancage” 2011.
Discussion about this post