Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang - Panturapost.com
Kamis, Februari 25, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/17 7:53pm
2 min read
0
Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang
9k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

JAMAN modéren sesrawungan luwih praktis sekaligus ngempra. Kepéngin tuku panganan utawané sandangan lan liyané, kari nganggo HP ngongkon supir Gojég, ora suwé pesenané anjog umah.

Ana jakwir Ulang Taun, ora perlu teka ning acarané beléh papa. Cukup ngucapna selamat nganggo WA, bérés! Dong bakda, ya cukup ngucapna “Minal Aidin Wal Faizin” nganggoné HP. Conto liyané, pan mutus cinta maring gérélé, ya nganggo HP.

“Lha kuwé, Jon. Jamané maju, téknologiné canggih. Wong ngobrol ora kudu adep-adepan cukup nganggo HP, bisa krungu suwarané lan weruh uwongé. Hébaté bisa adoh-adohan. Siji nang Tegal, sing dijak ngobrol nang Jakarta. Ajibé por pokoké,” omongé Sidul nanggapi omongané Mas Jon sing ana nang nduwur.

“Tapi ana sing rasa-rasané kurang pas ya, Jon?” omongé Darto maring Mas Jon.

Baca Juga

5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

21 Februari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Crita Mas Jon lulus S2 Cukup Ngomong Curut

16 Februari 2021
Malem Pertama Nang Hotél Berlin

Malem Pertama Nang Hotél Berlin

14 Februari 2021

“Apa To?” takoné Mas Jon.

“Takon baé karo Kapér.”

Mas Jon langsung mandeng Kapér. Sing dipandeng rainé kayong surem. Sawangané kayong ana sing dipikir.

“Apa Pér?” Mas Jon coba takon.

Radan aras-arasen, Kapér njawabi pitakonané Mas Jon.

“Wingi nyong kas kepatén bapané. Jakwir-jakwir tak kabari brita duka nganggo HP. Jakwir-jakwir pada ngucap priatin lan duka mendalam. Tapi pas jam penguburan janazah, laka sing teka. Kur-kuré kowen, Sidul, Darto, Mas Eppy Budi Prie, karo Dhimas Riyanto remojong pada takziah. Nyong kayong sedih ngadepi jaman téknologi modéren. Sesrawungan lan gotong royongé sangsaya tipis.” Karo ngomong kaya kuwé, rainé Kapér sedih.

Pancén, winginané nalika bapané Kapér sédo, sing layad kur sedulur-seduluré, anak-anaké, uga tangga teparo. Jakwir-jakwir sing nang group WhastApp-é Kapér siji baé laka sing takziah.

Jakwir-jakwiré Kapér nang group WA, kur-kuré kirim ucapan bélasungkawa:

“Mélu berbéla sungkawa. Muga-muga almarhum Bapané diampuni dosa-dosané lan uga kelepatané. Muga-muga amal ibadahé ketampi daning Allah Azza wa Jalla. Jembar kuburané lan kahanané padang jimbrang. Kanggo kaluwarga sing kena musibah, tabah. Allahuma aamiin.”

“Mélu priyatin ya Pér? Sing sabar, ikhlas lan tabah.”

“Inna lillahi Wa inna ilahi roji’un. Jasak larané apa Pér? Mélu priyatin Pér. Muga-muga amal ibadahé ditrima Gusti Allah. Aamiin.”

Lan puluhan ucapan bélasungkawa kanggo jakasé Kapér pirang-pirang. Tapi pas jam penguburané, siji baé laka sing anjog maring umahé Kapér. Kuwé sing dimaksud jamané modérén, tapi ngempra. Kapér getun.

Jaman gemiyén sonder ana HP, pas ana kepatén, sapa baé sing krungu langsung gemrudug pada takziah. Saiki wis diméin ngerti, cukup ngucapna bélasungkawa nganggo WA tok.

Béda maning adong sing kepatén kaluargan pejabat, tembé krungu slentingan, langsung gitir nekani umah sing lagi kepatén. Apa maning agger sing kepatén bupati utawané walikota, sing layad porét kaya ana arak-arakan karnaval. Paribasané, dawané ngolér-ngolér. Sing kirim karangan bunga, saben instansi uga rékanan, brak-bruk brak-bruk!

“Jebul, menungsa kuwé ya pilih-pilih Pér? Angger sing mati pejabat, utawané kepala daérah, sing mélu maring kuburan sekandang bentang pada golét rai. Angger sing kepatén rakyat jelatah, maén bureng sakalé wis diméin ngerti!” Ujaré Sidul ngerténi apa sing ana nang pikirané Kapér.

“Sing sabar ya Pér? Gusti Allah mboten saré. Wong sing sokan pilih-pilih, mengko ana étungané déwék,” Mas Jon mbombongi.

“Iya Jon. Makili keluargan, nyong nyampékna gedé kesuwun karo kowen kabéh sing wis ikhlas takziah kosih tekan pesaréan. Muga-moga, Gusti Allah paring ganjaran.”

“Aamiin….” Semauré jakwir-jakwiré Kapér, kompak. (@)

 

—–

Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novélis.

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén
Moci

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka
Moci

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13
Moci

Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

22 Februari 2021
Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal
Moci

Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal

20 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X