Sodakoh Buku Kanggo Wali Kota nang Acara Pekan Seni KST – Panturapost.com
Selasa, Mei 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Sodakoh Buku Kanggo Wali Kota nang Acara Pekan Seni KST

Wujud sodakohé ya ora mesti kudu uwit, bisa baé nganggo wujud barang kaya misalé buku.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
27 Januari 2022
2 min read
0
Sodakoh Buku Kanggo Wali Kota nang Acara Pekan Seni KST

Walikota Tegal nampa novel “Laki Pilihan” uga antologi “Tegalerin, Puisi 2:4:2:4” aliran paling grés sajeroné Puisi Tegalan.

98
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

WONG sodakoh ora kudu lagi omber rejeki. Sanalika lagi seret rejeki uga bisa ngelakoni sodakoh maring uwong sing ditresnani. Wujud sodakohé ya ora mesti kudu uwit, bisa baé nganggo wujud barang kaya misalé buku.

Kuwé sing diajarna Mas Jon maring Sidul, Kapér, uga Darto. Ébén jakwir-jakwiré luwih paham soal sodakoh.

“Buku kuwé ora kena didadékna beras, Jon. Buku kuwé mung bisané diwaca. Lokén sodakoh nganggo buku?” omongé Kapér miwiti mbalang pitakonan.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané Mas Jon kur meneng gél. Ora semaur sadurungé jakwir-jakwiré pada mujar omongan.

Baca Juga

Bada Syawal Undangan Hajatan Poret

Bada Syawal Undangan Hajatan Poret

9 Mei 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Badanan Olih Amplop Isiné Kur Tulisan “Abang-abang” Tok

7 Mei 2022

“Yanu tembé krungu sodakoh nganggoné buku. Apa tumon, Jon?” Darto nyambung omongané Kapér.

“Nyong ta ora pan mbantah omongané, Jon. Mung jelasé kepimén, bisané sodakoh nganggoné buku?” ujaré Sidul.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, tangané ngangkat cawik isi inungan téh poci. Sauwisé kuwé nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Jakwir-jakwiré ilon-ilon.

“Mau awan kowen kabéh pada nyekséni pembukaan Pekan Seni Awal Bulan sing dihélat Komunitas Sastrawan Tegalan (KST) nang Transmart, nyong méin apa maring Walikota Tegal Dedy Yon nalika déwéké nyambangi stan pameran buku-buku Tegalan?” Mas Jon mbalik pitakonan maring jakwir-jakwiré.

“Buku!” jawab jakwir-jakwiré.

Mas Jon mantuk.

“Kira-kira adong enyong méin cut karo walikota gedéné 200 éwu macem beléh?” lanjut omongané Mas Jon.

ADVERTISEMENT

“Ora pantes!”

“Ora bakal ditampa!”

“Sing méin cut gedéné samono, tibané wong gendeng!”

Kuwé omongané jakwir-jakwir Mas Jon.

“Mulané, siji-sijiné barang sing pantes kanggo walikota wujudé ya buku. Bab kiyé gandéng enyong dadi penulis novel. Adong nganggo cut, kuwé pada baé nguyahi segara gén ora ngregani maring penguasa. Kuwé sing diarani sodakohé seniman utawané penulis buku maring wong nduwuran. Nilai buku luwih gedé manfaaté ketimbang cut! Paham?” Mas Jon nerangna hakekat sodakoh cut karo buku.

Jakwir-jakwiré mantuk-mantuk

“Béda adong nyong méin sodakoh maring wong ora duwé latané nganggoné buku, bisa-bisa dianggepé ora paham kahanan. Dadi sapisan maning, wong sodakoh kuwé ya kudu ndeleng-ndeleng,” Mas Jon nambah omongan.

Sepisan maning, jakwir-jakwir Mas Jon manggut-manggut. Bengi kiyé, jakwir-jakwir Mas Jon olih pemahaman luwih jero.

Kaya sing wis disekséni wong papat, Pekan Seni Awal Bulan sing digelar KST dina Rebo (26/1/2022) tempaté nang lantai dasar Transmart Kota Tegal di Ketuai gonéng Dhimas Riyanto. Mituruté Dhimas, Pekan Seni kiyé digelar awit tanggal 26 kosih 30 Januari 2020 kolaborasi karo seniman-seniman 4 wilayah Kota Tegal, Kabupaten Tegal, Kabupaten Brebes, uga Kabupaten Pemalang. Materi sing digelar paméran buku-buku Tegalan, lukisa, Lomba Baca Puisi Tegal, Dongéng Cerita Rakyat, tari-tarian, musikalisasi puisi, konser musik akustik, monolog, Balo-balo, lan pemutaran film péndék saka mahasiswa Universitas Pancasakti, Kota Tegal uga saka Universitas Bhamada Slawi, Kabupaten Tegal. (*)

 

———-
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” dan juga novelis.

Tags: Komunitas sastra TegalanKomunitas Sastrawan TegalanMociSastra Tegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Juadah Pasar Nang Acara Hajatan, Kanggo Tolak Bala?
Moci

Juadah Pasar Nang Acara Hajatan, Kanggo Tolak Bala?

12 Mei 2022
Bada Syawal Undangan Hajatan Poret
Moci

Bada Syawal Undangan Hajatan Poret

9 Mei 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Badanan Olih Amplop Isiné Kur Tulisan “Abang-abang” Tok

7 Mei 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Badanan, Umahè Kapér “Close The Door”

4 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In