TEGAL – Gunung Slamet saiki statusé dadi normal (Level I), kepetung sajegé dina Jemuah (9/10/2020). Statusé gunung sing paling dhuwur nang Jawa Tengah kuwé sadurungé nang level waspada (Level II) lawasé sa taun luwih.
Muduné status Gunung Slamet kiyé nganggo dasar pengamatan visual lan instrumental sing dilakoni daning Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG). Karo kondisi kuwé, lawasé sa taun luwih nang wayah level waspada dalan sing nggo ndaki dineb total.
Karo ditutupé kuwé, dalan sing nggo ndaki nang saben posko (Pendakian Gunung Slamet) babar blas laka sing ngambah utawa sing manjat babar blas. Otomatis dalané ketutup alang-alang utawa ketutup wit sing rubuh lan liyané. Kaya sing katon nang jalur pendakian Gunung Slamet via Jalur Permadi Jungle Désa Guci Kecamatan Bumijawa Kabupatén Tegal.
“Lawasé sa taun jalur laka babar blas sing ngambah. Otomatis dalan ketutup. Karo anané kabar ari status Gunung Slamet wis normal, dhéwék molai mbresihna jalur pendakian,” tuturé Burhan Ali marinf panturapost, dina Senen (12/10/2020).
Resik-resik nang jalur pendakian kiyé, jaré Burhan, perlu wektu pirang dinanan nggo katon maning. “Sawisé dhéwék cek, kondisi jalur jebulé wis ketutup suket, alang-alang, wit rubuh lan liyané.”
Dhéwéké ngungkapna, belih mung jalur tok sing dibresihna, papan petunjuk jalur uga melu didandani. “Akéh papan petunjuk jalur sing wis bodhol, rambu-rambu larangan keras nggo manjat maring pucuk sing kropos. Toli ana sing ilang. Dhéwék gawé maning papan petunjuk jaluré,” cetusé dhéwéké.
“Senajana statusé wis normal, posko pendakian ésih dineb. Dhéwék ngénténi surat resmi seka dinas kekait soal mbuka pendakian. Saiki dhéwék ngalap nggo mbresihna jalur pendakian,” pungkasé. (*)
Discussion about this post