TEGAL — Tim Dewan Pérs wingi bar mampir maring kantor media onlén PanturaPost.com sing alamaté nang gili gedhé Talang, Nomer 375 Kabupatén Tegal dina Jemuah (13/11) ésuk. Tekané Dewan Pers kiyé nggo nglakoni verifikasi faktual, sing dadi tindaklanjut seka verifikasi administrasi pas wulan Desember 2019.
Proses vérifikasi faktual kiyé dipimpin daning Ketua Komisi Penelitian, Pendataan, dan Ratifikasi Pérs Dewan Pérs, Ahmad Djauhar Tas’an. Neng kesempatan kuwé, Djauhar ngomong, vérifikasi kiyé penting dilakoni ébén media bener-bener temenanan wayah nggawé produk jurnalistik. Mugané bisa dipertanggungjawabna maring publik utawané masyarakat.
“Wayah ngelola media ora bisa dolanan. Kudu ana kantoré, penanggungjawab kudu wartawan sing duwé sertifikat utama, ana jaminan perlindungan, ngantikan kesejahteraan wartawané kudu kejamin,” jelasé Djauhar.
Neng njero vérifikasi faktual kiyé, kabéh dokumen neng vérifikasi administrasi dicocokan karo dokumén aslinéne. Lawasé kurang luwih rong jam, Tim Dewan Pérs nglakoni pengecekan dokumen sing wis dikirim sadurungé.
Ora mung kuwé, Tim Dewan Pérs uga nakokna ngenani kepibén proses sadina-dinané wayah gawé berita. Molai seka keredaksian, SDM wartawan sing tugas neng lapangan, ngantikan dadi siji berita sing pantes diwaca daning masarakat.

“Apa sing dilakoni pimpinan redaksi nggo njaga wartawané ébén tetep mlakokna profesiné kuwé apik?,” omongé Jauhar nakokna maring Pimpinan Redaksi Panturapost.com, Muhammad Abduh.
Nanggepi takonan kuwé, Abah Abduh ngomong ari kabéh wartawan sing kerja neng Panturapost.com wis sesuai karo kaidah kaidah jurnalistik. Apamaning, pihak redaksi sokan nganakna pertemuan rutin nggo évaluasi.
“Insya Allah wartawan kabéh wis kerja sesuai karo aturan. Malah dhéwék sokan nglakoni évaluasi, mulai soal nulis berita utawané prilaku wartawan wayah luruh berita,” ungkapé.
Abduh ngomong, ketekanan rombongan Dewan Pérs nggo vérifikasi faktual yakuwé momentum sing wis dienténi, sawisé sadurungé kevérifikasi administrasi neng wulan Desember taun 2019. Jaréné Abah Abduh, vérifikasi kiyé yakuwé kesempatan nggo PanturaPost.com nggo bisa terus mroduksi konten-konten sing ana kualitasé lan kredibel.
“Nggo dhéwék, status verifikasi kiyé yakuwé amanah sing kudu diemban seapik mungkin. Nggo njaga media kiyé ébén tetep duwé kualitas lan kredibel,” pungkasé.
Abduh nambahi, saiki wartawan PanturaPost.com akehé wis nduwéni sertifikat. Yakuwé siji wartawan utama, siji wartawan madya, lan telu wartawan enom. Wartawan uga pada olih jaminan perlindungan sosial seka BPJS Kesehatan lan BPJS Ketenagakerjaan.
Direktur PT. Pantura Siber Media, Muhammad Irsyam Faiz, ngungkapna, Panturapost.com molai ana sajegé wulan Agustus taun 2016. Dhéwéké ngrasa sukur karo tekané PanturaPost.com sasuwénéng 4 taun nang wilayah Pantura (Tegal, Brebes lan sekitaré) bisa ditampa daning masarakat.
“Kiyé kebukti seka taun maring taun jumlahé wong sing maca sing terus ningkat seka éwonan ngantikan jutanan sing maca nggal wulané. Peringkat website PanturaPost.com nang Jawa Tengah uga saiki njagongi 5 besar, nganggo dasar Alexa.com,” jelasé Faiz. (*)
Discussion about this post