KOTA TEGAL – Molai wulan ngarep utawa tanggal 1 Agustus 2022, Pemkot Tegal mundhakna tarif manjing objék wisata (OW) Pantai Alam Indah (PAI).
Mundhaké tarif kuwé nganggo dasar Peraturan Wali Kota (Perwalkot) Tegal No. 11 Tahun 2022 tentang peninjauan tarif rétribusi jasa usaha jenis rétribusi tempat rékréasi PAI.
“Mundhaké tarif lan rétribusi liyané sing kaitané karo fasilitas OW PAI yakuwé usaha nggo ndongkrak PAD (Pendapatan Asli Daérah),” jaré Kepala Bidang Pariwisata Disporapar Kota Tegal Maman Suherman pas dihubungi, dina Jemuah (29/7/2022).
Kiyé mundhaké tarif OW PAI sesuai karo Perwalkot Tegal Nomor 11 Tahun 2022 sing yakuwé perubahan seka Perwalkot Tegal Nomor 11 Tahun 2016.
1. Tarif manjing PAI neng dina biasa, sadurungé per wong kaplak Rp 2 éwu lan bocah cilik séwu, mundhak dadi Rp 5 éwu per wong kaplak, lan Rp 3 éwu per bocah cilik umur 5-12 taun.
2. Sementara nggo tarif neng dina Ahad utawa libur, sadurungé nggo wong kaplak Rp 3 éwu lan bocah cilik Rp 2 éwu mundhak dadi wong kaplak Rp 10 éwu lan bocah cilik Rp 5 éwu.
3. Sedengé nggo tarif kendaraan sing manjing uga mundhak:
– Bécak lan pit ontél sing sadurungé limang atus mundhak dadi séwu.
– Motor sadurungé séwu mundhak dadi Rp 2 éwu.
– Dokar sadurungé Rp 2 éwu mundhak dadi Rp 5 éwu.
– Motor roda telu sadurungé Rp 2 éwu mundhak dadi Rp 3 éwu.
– Nggo mobil sadurungé Rp 2 éwu mundhak dadi Rp 3 éwu.
– Bis sadurungé Rp 5 éwu mundhak dadi Rp 10 éwu.
– Trek sadurungé Rp 4 éwu mundhak dadi Rp 10 éwu.
Discussion about this post