BREBES — Bupati Brebes Idza Priyanti ngungkapna, jumlah wong kenthir utawa Orang Dengan Gangguan Jiwa (ODGJ) berat nang Kabupatén Brebes tekan 2.235 kasus nang taun 2020. Seka ewonan wong kenthir nang data kuwe, ditemukna ana 54 wong sing dipasung.
Nganggo dasar data WHO nang taun 2019 nang dunya kiyé sacuilé ana 450 juta wong ngalami masalah keséhatan jiwa. Seperteluné ODGJ ana nang negara sing maju, kaya Indonésia. Seka hasil Research Keséhatan Dasar (Riskesdas) 2018 dingerténi angka revalensi gangguan jiwa berat nang Indonesia segedhé pitung per séwu rumah tangga. Lah, angger nang Jawa Tengah sangang per séwu rumah tangga.
Jaréné Idza, ODGJ nang Kabupatén Brebes rata-rata ditemukna seka kluwarga mlarat sing ora nduwéni Jaminan Keséhatan Masarakat utawa Jaminan Keséhatan Daérah (Jamkesmas/Jamkesda). Nggo kuwé, Idza nekenna ébén ODGJ olih perhatian khusus seka pemréntah, masarakat, dunya usaha lan akedemisi.
“Masalah kiyé ora mung duwé kaitan karo séktor keséhatan, tapi uga duwé hubungan nemen karo séktor liyané kaya sosial, ékonomi, pendidikan, keamanan lan ketertiban,” jelasé, nang Rapat Kordinasi (Rakor) Pembentukan Tim Pelaksana Keséhatan Jiwa Masarakat (TPKJM) nang ruang OR Setda Brebes, dina Slasa (16/3/2021),
Pembentukan TPKJM, jaré pas nemen nggo salah siji strategi upaya pencegahan lan pengendalian keséhatan jiwa masarakat. Mengkoné TPKJM diarep-arep bisa ngenali lan métakna masalah, idéntifikasi sumber daya, ngrumusna alternatif solusi, ngrencanakna lan nglakoni intervénsi penyelesaian masalah ngantikan nglakoni monitoring lan évaluasi.
Sing dadi narasumber neng Rakor yakuwé dr Anita Virgianti Sp Kj seka Dinas Keséhatan Propinsi Jawa Tengah lan Kepala Dinas Keséhatan Kabupatén Brebes dr Sartono. Lah, rakor dhéwék dikintili 60 wong sing yakuwé perwakilan seka Polrés Brebes, Kodim 0713/Brebes, OPD kekait uga jajaran Dinas Keséhatan Kabupatén Brebes. (*)
Discussion about this post