ANJOG mletéké taun anyar 2021, Mas Jon ombér ucapan selamat saka ngendi baé. Varian ucapané macem-macem. Witité teka notif WA ucapan saka Kapér, disusul Darto terusan Sidul. Durung saka jakwir-jakwir wartawan, seniman, uga para pejabat.
Sing bud-budan teka kiriman WA ucapan saka Kinasih. Isi WA-né gawé dadané Mas Jon berdegub, mbayangna kudu tuku peturon anyar.
WA ucapan selamat sing pertama dibuka dékéné Kapér. Isiné modél wangsalan.
*Godong waru és krim madu*
*Taun baru kharim baru*
Sing dimaksud “kharim” gonéng Kapér, Mas Jon cukup ngerti. Ora liya artiné “Bojo”. Olih WA kaya kuwé, Mas Jon sekal nanggapi.
“Kowen nggo mangan nggal dinané bé, kedangdapan. Ngarang-ngarang kharim anyar kedingan, Pér?”
“Sapa ngarti ana wong sing demen enyong, Jon? Arané wong demen kuwé buta. Ora mikir sugih, ganteng, ayu apa ora ayu! Kikikikik….” sempet-sempeté Kapér nimpali WA-né Mas Jon.
“Dasar wanyad kowen, Pér!”
“Kikikikikik….” jawabé Kapér.
Tapi nék dipikir-pikir, omongané Kapér ana beneré. Wong sing uwis duwé bojo baé, ora kurang-kurang pada demenan. Sing umah-umah puluhan taun gén bisa pegatan.
Lubar Kapér WA méin ucapan taun baru, teka ucapan saka Darto. Mung isiné ora réka-réka kaya Kapér. Ucapané lumrahé uwong liya. Isiné kaya kiyé:
“Selamat taun baru Mas Jon. Muga panjang umur, séhat slalu lan selamat dunya akhérat.”
Teka maning ucapané Sidul, mlebu ning HP-né. Isiné kaya kiyé:
“Selamat njalani taun anyar 2021 Mas Jon. Moga-moga séhat, berkah urip lan rejekiné. Mangkina sregep nyambut gawé gén gedé manfaat.”
“Ucapan pada baé, nyong sampéna maring kowen sekeluargané kowen, Dul?” Mas Jon njawabi ucapané Sidul.
“Suwun Mas Jon.”
“Sami-sami.”
Ucapan saka jakwir-jakwir wartawan uga para pejabat, tembungé biasa-biasa. Mung sing gawé dadané Mas Jon ser-seran, justru ucapan saka Kinasih. Tembung ucapané nganggoné wangsalan, tapi isiné nunjem jero dada gén gawé pikirané Mas Jon ngelayang-layang.
Kaya kiyé isi WA ucapané Kinasih sing khusus kanggo Mas Jon.
*Luruh ganyong olihé durén*
*Nggayuh enyong aja kesuwén*
Maca ucapané Kinasih, Mas Jon ngunjal ambekan. Bocah siji kiyé, sangsaya kraket karo Mas Jon, demené niba tangi. Bagjané tunangané nganti disépak, gantiné milih demen maring Mas Jon.
Ucapané Kinasih pan dijor klowor, Mas Jon wedi mbokan déwéké lara ati. Didelengna, déwéké malah ngrangseg. Kon kekancanan baé, Kinasih ora sudi. Pénginé némpél terus kaya prangko. Mas Jon akhiré mung duwé pikiran; wong lanang wadon sing wis umah-umah baé pada pegatan. Contoné sekandang bentang. Apa maning Kinasih sing tembé lamaran, lumrah mbangkana-kana lumrah angger tunangané digejil tengah dalan.
Olih kenyataan urip sing kaya kuwé, Mas Jon pasrah. Akhiré, déwéké duwé keputusan, apa jaré Pengéran Mas Jon saderma ngelakoni! (*)
—–
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” lan uga novelis.
Discussion about this post