SLAWI – Korban siji sing inisialé MA (15) ninggal wektu lagi tawuran antar pelajar sing kedadén nang ngarep SMPN 3 Adiwerna, Kabupatén Tegal, Jawa Tengah lagi dina Ahad (20/11/2022).
Polisi ngamana 15 bocah SMP, karo 2 neng antarané inisialé MDA (18) lan AS (19) ditetepna dadi tersangka. Saliyané kuwé, polisi nyita ana pirang senjata tajam sing dienggo nggo tawuran.
“Korban sing ninggal yakuwé pelajar SMP. Dinyana korban tiba seka motor, lan seka hasil penyelidikan keungkap yén sadurungé kedadénan korban mélu tawuran antar pelajar,” jaré Kapolres Tegal AKBP Arie Prasetya Syafaat wektu lagi konferénsi pérs nang mapolres, dina Slasa (29/11/2022).
Wektu konferénsi pérs, Arie didampingi Wakapolres Kompol Didi Dewantoro lan Kasat Reskrim AKP Vonny Farizky.
Arie njelasna, seka bukti sing ana, keloro géng sekola ana sing nganggo senjata tajam. Seka hasil idéelntifikasi metung CCTV nang sekitar TKP, Polres Tegal akhiré ngamana 15 wong.
Kasatreskrim AKP Vonny Farizky ngomong, tawuran awalé rong kelompok pelajar kuwé padha-padha nyerang lan ngenyék neng média sosial.
“Awalé géng AKAMSI nyerang géng 12 Family lan AKAMSI ngirimna pesan neng akun instagram 12 Family sing isiné tantangan nggo tawuran,” jaré Vonny.
Selanjuté tantangan kuwé ditampa lan keloro géng kiyé sepakat nggo ngadakna tawuran nang Jl. Raya 2 nang ngarep gardu induk Kebasen, jam loro bengi.
Tapi, merga situasi dalan wektu kuwé ésih ramé, géng AKAMSI gerak maring arah kidul. Dipéloni géng 12 Famili nganti kedadén tawuran nang ngarep SMPN 3 Adiwerna karo masing-masing nggawa senjata sing wis disiapna sadurungé.
“Seka kedadénan kuwé, petugas nyita barang bukti clurit telu lan samurai siji seka tangan pelaku,” pungkasé. (*)
Discussion about this post