KAYA biasané, bengi kuwé Jon Dapuk karo jakwir-jakwiré ngumpul nang Pos Ronda. Kebeneran baé padang wulan. Pacétan ombér, ana gedang gépéng godog, nangka, pilus kletuk, uga kacang bogarés. Kapér ududé nggiyes. Sidul cemal-cemol baé nyaplok nangka karo gedang godog. Sedeng Darto langganan ngemil pilus kletuk diwor karo kacang bogarés. Jon Dapuk kesenengen angger suguhané royom dipangani jakwir-jakwiré. Jon Dapuk pancén wongé loman. Ora éman-éman maring panganan. Duwé panganan apa baé di los kanggo tamu sapa baé. Luwih-luwih angger maring jakwir-jakwir SD-né kiyé, disubya-subya. Jaré Jon Dapuk, jajanan apa baé sing nang jero umah sebagian dékéné wong liya. Kiyé prilaku Jon Dapuk sing ngerti soal sodakoh. Miturut déwéké, man sapa seneng sodakoh, uripé berkah lan adoh sekang blainé.
Ujug-ujug, sajeroné jakwir-jakwir lagi cemal-cemol nyantap panganan, Kapér nyuara.
“Jaré batiré enyong, cikal adagé Kota Tegal kuwé asalé saka wilayah Kelurahan Tegalsari. Miturut kowen pimén, Jon?” omongé Kapér karo cangkemé ngetokena kebul rokoké.
“Jakwiré énté statusé apa bisané wani ngomong kaya kuwé?” omongé Darto ndisiti Jon Dapuk pan sekal nanggapi.
“Angger ora genah uwongé ora perlu-perluné dirungokna, Pér? Toli jakwiré kowen wong endi?” Kapér dicecer omongan.
“Wong Tegalsari,” jawabé Kapér.
“Kerjané apa?” brondong Darto nyambung omongané Sidul.
“Mayang!”
“Compong! Wong mayang nden ngertiné iwak,” timpal Sidul.
“Mugané kuwé nyong takon maring Jon Dapuk. Kowen kabéh ya pada compong. Wong enyong takon malah disenggaki. Wis, nyong ora takon karo kowen pada. Nyong takoné karo Jon Dapuk! Pimén Jon, jaré kowen?” Nada suarané Kapér rada culag. Sidul karo Darto nyekakak. Kapér ora paham angger saluguné lagi ngerjani déwéké. Soalé angger Kapér séwot, dayiké tambah lucu.
Kaya biasané Jon Dapuk kur pésam-pésem adong nyekséni jakwir-jakwiré pada nglédék Kapér. Soalé, bener omongané Sidul karo Darto. Angger Kapér lagi culag, rainé mangkina lucu. Cangkemé ndadak mucu-mucu.
“Kaya kiyé Pér. Omongané kowen bener….”
“Kwéh?! Bener kan? Kowen pada wanyad kabéh!” omongé Kapér ngerasa Jon Dapuk mbélani.
“Hahahaha…..” Sidul karo Darto nyekakak.
“Énté ora paham lagi dikerjani. Kikikiki…..” omongé Darto karo cecakakan bareng Sidul.
“Asem!” omongé Kapér. Orabada cengar-cengir campur pecuca-pecucu cangkemé.
“Lanjut Jon!” omongé Darto.
Ora kakéhen suwé, Jon Dapuk mbabar crita. Miturut Adit, karyawan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kota Tegal, Kelurahan Tegalsari, Kecamatan Tegal Barat, Kota Tegal, sawijiné wilayah nomer loro paling gedé sawisé Kelurahan Panggung. Wilayah Tegalsari dadi cikal bakal asal-usulé adage Kota Tegal. Jelmaan sawijiné désa kang aran “Teteguall” sing kawit tahun 1530 katon gemebyar kemajuané.
“Mandeg sit critané Jon. Nyong pan takon, Teteuall kuwé artiné apa? Sapa sing méin aran kuwé?” takoné Sidul.
“Salah siji sumber ngomong maring enyong. Aran Teteguall kuwé sing méin salah siji pedagang asal Portugis, yakuwé kang aran Tome Pires sing tau singgah nang Pelabuhan Tegalsari. Kira-kira tauné 1500-an. Sedeng arti Teteguall kuwé dimaknai tlatah subur sing bisa mengasilna tanaman pertanian,” jelasé Jon Dapuk.
“Okém Jon. Lanjut!”
“Nah, wilayah Tegalsari kuwé salah sijiné daérah pelabuhan sing kejaba kanggo transit perékonomian warga Tegal, termasuké jalur transit para saudagar uga siji-sijiné pintu sejarah penyebaran Agama Islam sajeroné Kota Tegal. Merga kuwé sebabé wilayah Tegalsari dadi cikal bakal adage Kota Tegal. Jalaran jaman samana wilayah kono raméné porét!”
“Okém Jon! Saiki nyong tambah ilmu maning,” omongé Kapér.
“Enyong akhiré mangkina ngarti asal-usul adagé Kota Tegal, Jon,” omongané Sidul.
“Énté pancén jakwir paling top. Langka tunggalé, Jon!” sambungé Darto. (@)
—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post