TEGAL – Tembe kenalan nang Fesbuk, cah enom sing arane Riski J (18), seka Desa Karanganyar, Kecamatan Dukuhturi, Kabupaten Tegal nglalu nyabuli utawa nyucus prawan sing huruf ngarepe F (17). Korban dicucus Riski karo jakwire nang nggon sepi sing ana nang wilayah Kota Tegal.
Riski dicekel jajaran Satreskrim Polres Tegal Kota. Sementara jakwire sing arane Erick esih diuber polisi soale statuse Daftar Pencarian Orang (DPO) .
Waka Polres Tegal Kota Kompol Joko Wicaksono dibatiri Kasat Reskrim AKP Gineung Pratidina ngungkapna, kelakuan badeg tersangka dilakoni nang Taman Bung Karno nang Dlanggung Kapt. Samadikun, Kelurahan Pesurungan Lor, Margadana nang dina Minggu tanggal 3 Mei wingi.
“Tersangka bareng karo batire sing esih DPO nglancarna aksine nang taman wayah bengi-bengi,” omonge Joko wayah konferensi pers ungkap kasus nang Mapolres Tegal Kota, dina Slasa (1/7/2020) .
Joko njelasna, maune Erick sing esih DPO kenalan karo korban nang fesbuk pas akhir wulan April wingi. Korban sing kerayu kuwe latane dijak ketemuan nggo jalan-jalan nganggo motor.
Wayah nang perjalanan, korban uga ketemu karo tersangka Riski sing jakwire Erick. Pas kuwe Riski njaluk diater balik nganti akhire boncengan cengluan.
Belih-moni balik, tersangka malah nggawa korban maring taman sing kondisine sepi lan maksa nggo tumpak-tumpakan.
Diancem pan ditunjleb karo barang sing landep, korban ya wedi lan ora bisa apa-apa. Apamaning, pas kuwe ke loro pelaku lubar nenggak inungan ciu.
“Pelaku kiye ngancem korbane mbari pan tunjleb karo kalung gadil babi. Termasuk ping pindoan ngantem korbane,” ungkape Joko.
Pelaku nglakokna hal kuwe nganti diulang ping pindo. Bareng wis wareg, korban ditinggal daning pelaku pas keadaane lagi tepar utawa lemes ora bisa apa-apa. HaPe ne korban uga melu digawa.
Pelaku sing arane Riski akhire bisa dicekel polisi lan saiki ndekem nang penjara nggo mertanggungjawabna kelakuane. Sementara pelaku pertama esih diuber daning petugas. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post