Tembung Dam nang Desa Dawuhan, Béda Makna – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Tembung Dam nang Desa Dawuhan, Béda Makna

Riwayat adagé désa kono man sapa uwongé sing mbabad laka sing pada ngarti. 

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
22 Agustus 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

“KOSIH sapréné, jujur baé yanu gurung genah arti “Dawuhan” kaitané karo adagé Desa Dawuhan, Jon.”

Kuwé omongané Darto maring Jon Dapuk. Kaya biasané nalika déwéké ngangluh panggonané nang Pos Ronda mburi umahé Jon Dapuk.

“Lokén? Perkara cilik baé ora paham? Zaman kowen SD kowen ora nggatékna omongané guruné? Uteké kowen waktu samana ngglambyar apa ya?” Tembé mbuka dopokan, Kapér wis mancing ribut ndadékna Darto munjuk.

ADVERTISEMENT

“Sikah! Énté angger nyotong sakempleng-kamplengé. Ngglambyar ndasmu pokah? Énté bahasa Jawané olih biji pira sih?”

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Enyong tah jelas owh. Bijiné ora kurang sing enem.”

Krungu omongan kaya kuwé, Darto langsung nyekakak.

“Huhahahaha… énté olih biji enem suarané atas kaya bledég!”

“Sing penting ora abang!”

“Ndelén tak tés! Tembung dawuh artiné apa?” pitakoné Darto.

“Préntah!”

“Biji satus kanggo énté!”

“Angger dawuhan kaitané karo Desa Dawuhan, apa?” Darto mégin nyecer pitakonan.

“Ee…e..eh…” Kapér kelabakan. Tenggorokané Kapér rasané kaya disengkat indil-indil bakso.

“Kowen jégod-jégod ora, sok keminter! Wis To, aja ngladéni Kapér. Diladéni tah édan bareng. Angger ora paham aja sok tau, nyad?” omongé Sidul sing bengi kiyé ndadak wadé maring omongé Kapér.

“Wis karo kanca aja ribut. Ngko tak terangna soal tembung dawuhan kaitané karo asal-usul adagé désa kono,” ujar Jon Dapuk misah kahanan gentong saurané antara Kapér karo Darto. Lan kaya biasané, Jon Dapuk sadurungé crita nyumed rokok filter uga nyecep wédang kopiné. Kaya biasa Kapér, nyomot saeler rokok dékéné Jon Dapuk. Bab kuwé dadi ciri khasé Kapér. Maklum nyambut gawéné Kapér saketemuné, ora duwé penghasilan pasti. Tapi ajibé, ridhoné Gusti Allah, anak-anaké lulusan sekolah lanjutan atas.

“Apa sing diomong Kapér, bener. Tembung dawuh kuwé artiné préntah. Tapi adong tembung “Dawuhan” dikaitna karo aran Desa Dawuhan, nyimpangé adoh,” omongé Jon Dapuk.

Krungu penjelasané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré mantuk-mantuk. Matané pada mandeng pasuryané Jon Dapuk, tapi nang pengangené wong telu, ngagumi maring pengetahuané Jon Dapuk. Mung wong telu kuwé, ora pan mujar sebab Jon Dapuk kuwé anti dialem tapi luwih seneng ngalem maring wong liya.

“Bisané Jon?” pitakoné Kapér karo Darto.

Miturut Jon Dapuk, ngutip cerita sesepuh sing dituwakna ning Desa Dawuhan, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal, riwayat adagé désa kono man sapa uwongé sing mbabad laka sing pada ngarti.

“Lokén sejarah désané déwék laka sing ngarti, Jon?” ujug-ujug Sidul mbalang omongan.

“Sangat disayangkan!” mujaré Darto getun.

“Kadangkala wong-wong kuna sokan tembénglar. Nganggep sejarah adagé wilayah ora kober ditulis. Padahal catetan sejarah wilayah utawané désa penting nemen kanggo anak cucu. Jan-jané pendiri désané sapa, si Fulan apa si Dadap?”

“Okéh Jon. Lanjut…” omongé Kapér karo mbuang kebul rokok.

Jon Dapuk ngusek rokoké nang asbak. Suara gésékan gegodongan pring, nyaring ketiup angin. Suarané mirip kaya wong wadon lagi napéni beras.

“Nah, omong-omong wilayah kono diarani Desa Dawuhan, asalé nalika zaman Pemerintahan Landa gawé Dam!”

“Sori Jon. Aja diterusna disit. Yanu takon,” omongé Darto.

“Dam kuwé apa? Maksudé dolanan dam-daman?”

“Dudu To. Dam kuwé artiné bendungan.”

“Kuwé tembung sing ngendi, Jon?” Kapér nyambung pitakonané Darto.

“Tembung Landa. Maklum zaman samana negarané enyong kowen dijajah Landa, dadi sawa-sawa nganggoné bahasa Landa. Kaya tembung zwembad asalé ya sing Landa artiné pengadusan. Bahasa nasionalé tempat renang.”

“Okéh Jon, paham. Lanjut!”

“Dibanguné Dam nang wilayah kono gunané kanggo mbayuni sawah-sawah petani malahan kosih ngalir ning wilayah désa tetangga. Maklum baé zaman samana penguripané dadi petani….”

Kaya biasané, anjog ning kéné, Jon Dapuk ngandeg crita. Maksudé ébén jakwir-jakwiré penasaran latané mbalang pitakonan. Kuwé salah siji cara Jon Dapuk ngetés uteké jakwir-jakwir bén cerdas.

ADVERTISEMENT

“Bab kuwé sing akhiré wilayah kono dikenal sebutan Desa Dawuhan?” ujaré Sidul.

“Ora salah Dul.”

“Tapi nyong malah bingung, Jon.”

“Bingung pimén Dul?” Jon Dapuk balik takon.

“Kaya kiyé Jon. Tembung “Dawuh” artiné “Préntah”. Dadi nék “Dawuhan” ya artiné “Ucapan” alias omongan.”

“Penjelasané kowen bener kabéh, Dul. Mung baé, awal mula Darto mujar, soal tembung “Dawuhan” kaitané karo adagé Desa Dawuhan, béda.”

“Bisané?” omongé jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Serempak.

‘Tembung “Dawuhan” adong bahasa Landané, artiné bendungan utawané dam!” omongé Jon Dapuk.

“Oooo…” Cangkemé jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada mlongo. Tembé ngerti yén “Dawuhan” kuwé artiné bendungan! (*)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.   

Tags: MociSejarahSejarah Desa DawuhanTegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In