Tembung Khusus Wong Tegal - Panturapost.com
Minggu, Februari 28, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Tembung Khusus Wong Tegal

Saben wilayah musti duwé, termasuké nang Tegal macemé werna-werna.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/21 6:46pm
2 min read
0
Tembung Khusus Wong Tegal

Kamus Bahasa Tegal. (Foto: Irsyam Faiz)

100
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

BAHASA kuwé kelebu salah siji ungkapan sing duwé kandungan maksud kanggo nyampékna tembung maring wong liya ébén bisa dipahami lan dingerténi apa sing diomong.

Jaré wong pinter, fungsi bahasa paling utama, yakuwé sebagé alat sesrawungan karo lawan obrolan utawané sagrombolan jakwir. Kuwé sing diarani fungsi bahasa. Ana siji maning sing diarani “ungkapan khusus”. Saben wilayah musti duwé, termasuké nang Tegal macemé werna-werna.

“Ungkapan khusus nang Tegal contoné apa, Jon?” omongé Kapér nakokna maring Mas Jon sing bengi kiyé khususon mbahas soal “ungkapan khusus”.

“Ader ungkapan khusus nang Tegal ana, Jon?” takoné Sidul.

Baca Juga

Tembung Khusus Wong Tegal

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021
Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

25 Februari 2021
Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021

“Termasuké wangsalan kuwé kelebu ungkapan khusus ora, Jon?” sambung omongané Darto.

Anjog nang kéné, Mas Jon molai ngladéni omongan jakwi-jakwiré. Mung sadurungé déwéké njawabi, tangané ngangkat cangkir isi wédang rondé latané sauwis nyecep orang sruputan, déwéké nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér nyomot saeler rokoké Mas Jon. Sidul karo Darto mélu épél njukut saeleran.

“Wis tak kanakna, saben daérah kuwé duwé ungkapan khusus, Dul? Wangsalan, termasuké ungkapan khusus. Contoné ‘Bébék nyilem’ artiné awaké déwék dialem,” omongé Mas Jon nanggapi omongané Sidul.

“Oh iya ya?” Sidul mantuk-mantuk.

“Kejaba wangsalan ana tembung liyané….”

“Apa Jon?” takoné Sidul.

“Kowen ngerti ungkapan khusus Nglalu Pacé? Coba artiné apa?”

“Ngarto Jon. Artiné nékat!”

“Biji satus kanggo kowen, Dul.”

Sidul mésem.

“Coba ungkapan khusus tembung Kembang Suruh, maksudé apa Pér?”

“Singa-singa sing kena utawané sing blai. Paribasané kaya jurus mabok, jurus paling jempolan!”

“Biji satus kanggo kowen, Pér!”

Cunguré Kapér olih biji satus kembang kempis. Tanda seneng.

“Adong Gras Koros, apa?” Mas Jon ngetes maning maring Kapér.

“Gras Koros?”

“Iya, Pér? Adong kowen wong Tegal asli musti ngerti. Ungkapan Khusus kuwé sokan diucapna wong-wong.”

Kapér mikir. Tapi magel ora bisa njawab.

“Gras Koros kuwé ungkapan khusus kanggo nandai wong sing wedinan. Waniné nang mburi, adong adep-adepan kaya krupuk disiram banyu.”

“Owh iya, iya…. bener, Jon”

Sawetara kuwé, Darto sing durung kebagian pitakonan radan ketar-ketir. Akhiré Mas Jon mbalang pitakonan maring déwéké.

“Coba Darto, apa sing dimaksud ungkapan khusus tembung Tainé Digoréng?”

“Apa ya?” Darto mikir, tapi akhiré njawabi, “Tembung Tainé Digoréng, artiné nandani wong sing mbekiwit alias bakhil.”

“Biji satus kanggo kowen, To.”

Jakwir-jakwiré keprok. Wong telu ditakoni Mas Jon ora gawé kuciwa. Pada pinter njawabi.

Sepi sekléndab.

“Nah! Saiki apa artiné Paksa Ula?” Mas Jon nyodorna pitakonan maring jakwir-jakwiré.

“Apa ya?” Jakwir-jakwiré meres utek. Dienténi Mas Jon, wong telu kur pasrah.

“Ungkapan khusus kuwé, artiné dipaksa ébén ngaku. Tapi bisa uga diartikna “ditodong”. Maksudé, wong sing bakhil kuduné dipaksa ula alias ditodong, ébén metu cute!”

“Takon Jon,” Darto mbalang pitakonan.

“Pimén To?”

“Nék tembung Kembang Lambé artiné apa, Jon?”

“Kuwé artiné buah bibir. Bisa diartikna Bocah Wadon paling ayu nang salah siji désa.”

Darto mantuk-mantuk. Ujug-ujug, Sidul mbalang pitakonan.

“Angger Wédang Kendel artiné apa, Jon?”

“Nyuguhi tamu, tapiné mung banyu gél laka pacétané. Nah, ungkapan khusus Rubuh-rubug Gedang, artiné apa coba?” Mas Jon gantian ngetés maring jakwir-jakwiré.

Jakwir-jakwiré meres utek. Suwé tapi laka sing bisa njawabi.

“Seng!” jakwir-jakwiré pasrah.

“Bener seng?”

Jakwir-jakwiré mantuk kabéh.

“Kuwé artiné kur mélu-mélu tok alias tung-tung grumbyung!”

Jakwir-jakwiré cekelan batuk, mbenerna jawabané Mas Jon. (*)
—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novelis. 

Tags: Bahasa TegalMociUngkapan khusus wong tegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Moci

Gegara COVID-19, Bocah Sekolah Kaya Anak Tiri

28 Februari 2021
Tembung Khusus Wong Tegal
Moci

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek
Moci

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021
Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal
Moci

Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

25 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X