TEGAL – Ana pirang tempat usaha karoke nang Kota Tegal sing mbedud pada buka senajan wis dipenging Wali Kota Tegal Dedy Yon Supriyono liwat surat édaran. Dedy sadurungé menging tempat usaha karaoke, kafe, lan tempat wisata operasi sadawané wulan Oktober 2020 nggo bentuk ningkatna kewaspadaan nyebaré virus Corona utawa COVID-19.
Kepala Satpol PP Kota Tegal Hartoto ngungkapna, pihaké nemoni sacuilé 4 seka 13 karaoke sing konangan buka pas dina Minggu (18/10/2020) bengi. “Iya bener. Ana 4 seka 13 (sing nekad buka),” omongé Hartoto, liwat WA maring PanturaPost, dina Slasa (20/10/2020).
Pihaké sapisan maning negasna maring pengelola usaha karoke ebén nurut karo surat édaran wali kota. “Njaluk maring pengusaha karaoke ebén nuruti SE Wali Kota Tegal No.433/019 nggo nutup sementara sieka tanggal 1 nganti 31 Oktober 2020,” pungkasé.
Sementara kuwé, anané usaha karoke sing mbedud pada tetep buka olih sorotan seka DPRD Kota Tegal. DPRD njaluk ebén Satpol PP bisa nindak tegas. Ketua Komisi II DPRD Ansori Faqih ngaku nyayangna ésih bukané tempat hiburan karoke nang wayah pageblug COVID-19, senajan surat édaran wali kota wis jelas ebén nutup sementara.
“Nggo kuwé, angger ana sing ésih mbedud buka, berarti ora pada ngindahna surat édaran kuwé. Apamaning nang wayah pageblug COVID-19,” omongé Ansori maring wartawan.
Wong lanang sing akrab diundang Anfaq kuwé nilé, Satpol PP samestiné bisa ngamanna kebijakan Wali Kota Tegal termasuk pas lagi negakna aturan daerah (Perda).
Anggota DPRD liyane Nur Fitriani uga ngarep-arep, pihak Satpol PP ora duwe alesan soalé kewatesé personil ora mampu nindak tegas. Apamaning jeronéng penegakan Perda sing utamané duwé kaitan karo penyakit masarakat. Nang sisi liya, perekrutan anggota Satpol PP anyar seakéh 150 wong diarep-arep mengkoné bisa ningkatna pegawéan luwih maksimal.
“Laka alesan maning kurang personil. Nyong ngarep-arep Satpol PP tegasé dudu mung maring PKL tok,” jaré dhéwéké maring wartawan. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post