SÉNGGANÉ nang dunya ana uwong lanang sing umbrusé bléh kira-kira, ora liya wong lanang sing ana nang jéjéré Nining. Selawas déwéké numpak sepur, tembé ngranapi ana wong lanang ngibulé kebangeten. Sedawané dalan nléspaké kaya wong compong, ngibulé jan ora kira-kira.
Dideleng penampilané naga-nagané wong kuwé asalé saka ‘désa klutuk’. Tembung ‘désa klutuk’ kanggo kamus bahasa orang Tegal maknané désa paling plosok. Apa baé sing diomong déwéké ndadékna sebungkus pop mi sing lagi dipangan Nining, rasané agé-agé diutahna nang arepé déwéké.
Dina kiyé, wetengé Nining kaya kurang akur ngrungokna cipoané wong lanang kuwé.
“Hai gadis!” Ngrasa ana sing ngundang, réflék Nining nglinguk maring asal suara karo matané menteleng mengingsor, mandeng sepatuné.
“Kowen ngerti sepatu kiyé régané pira? Sepatu paling mahal sing tembé baé dideleng wong Tegal kaya kowen. Regané 30 juta!” Bener-bener umbrusé keléwat gedé gén congkaké dubilah belis.
Nining kur meneng. Babar blas ora nyuara.
“Hai gadis!”
Nining cuman nglirik.
“Péngin ngerti jam sing tak enggo enyong kiyé regané pira? Regané 100 juta punjul. Jam tangan made in Swiss mérek Military kiyé, bisa gadis bayangna. Ya! Kiyé dudu arloji sembarangan. Teknologi super moderén, kaca kristal, bingkai baja, tahan banting, tahan peluru, tahan air, gén biasa dienggo mangkat perang. Péngin duwé jam kiyé, kudu pesen dingin 7 wulan tembé olih. Pitung turunan, jam Swiss Military kiyé ora bakalan rusak!”
Anjog ning kéné, Nining bener-bener péngin muntah. Tapi ujug-ujug, saka mburi ana petugas keamanan bareng dokter plus jururawat, ngonjogi déwéké. Ora suwé maning, tangané wong lanang sing umbrusé kebangeten kuwé, diborgol.
Nining tembé ngarti, wong sing jagong sebelahan karo déwéké, jebulé wong ucul-uculan saka rumah sakit jiwa. (*)
——–
*Ria Candra Dewi dan Lanang Setiawan*, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post