Tuyul Rebutan Tété – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Tuyul Rebutan Tété

Ulahé bangsa alus macem-macem. Kiyé ana kedadian nyetili tapi lucu gawé wong sing krungu nyekakak.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2 September 2020
3 min read
0
Tuyul Rebutan Tété

lustrasi tuyul. Foto: Kumparan

Share on FacebookShare on Twitter

ULAHÉ bangsa alus macem-macem. Kiyé ana kedadian nyetili tapi lucu gawé wong sing krungu nyekakak. Lucuné jalaran tembé ana kedadian sing laka-laka tapi nyata. Nyengitané, crita kiyé sewu siji gawé jengkélé waduk. Khususé sing ngranapi pritiwa kuwé.

Kepimén critané? Ana makhluk cilik kuntét kang aran Tuyul, gawéané nyolongi duwit. Duwit disimpen nang lemari ilang. Didalah nang peti kalong. Wong sing krasa nyimpen cut, mberék-mberék. Saumah ribut gegera ulahé Tuyul. Péndéké, ora kenanan ndalah cut nang endi paran. Angger Tuyulé ngincer, sakléndaban cut bablas ilang!

Umumé Tuyul, pancén gawéané nyolong cut! Tapi nang kedadéan kiyé anéh mbangkana-kana anéh. Sebab apa? Tuyul sing pan dicritakna Jon Dapuk, ora biasané tur tembé ana nang jagad dopokan.

ADVERTISEMENT

“Séjéné kepimén, Jon? Wong arané Tuyul ya senengé nyolong cut! Ora kenananan weruh duwit, apa maning angger ndalahé sasrog-srogé bakal liplap dicolong Tuyul!” omongé Sidul sing durung dong saluguné critané Jon Dapuk pan maring endi?

Baca Juga

Demi Nguri-uri Kesenian Tradisi, Adi dan David Mbarang Jaran Lumping

Demi Nguri-uri Kesenian Tradisi, Adi dan David Mbarang Jaran Lumping

5 Februari 2023
Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023

“Tuyul sing sokan nyunyad cut ta biasa, ora ndadékna waduk kaku. Kiyé bener-bener Tuyul mbowat, Dul?” semauré Jon Dapuk ora pranti-prantiné njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pada mbalang pitakonan.

“Kuwé Tuyul cap apa Jon? Bisané ora kaya sing uwis-uwis sokan nyolong duwit?” takoné Kapér.

“Kiyé Tuyul cap luar biasa, Pér. Apa kowén tau krungu ana Tuyul rebutan tété?”

“Hai?”

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk cangkemé ndadak pada mlongo. Matané mendelik.

“Ish! Kuwé crita bener? Apa mung isu, Jon? Lokén ana Tuyul rebutan tété?” takoné Darto kayong ngrajug.

“Masa sih?” sambung omongané Sidul.

“Kikikikikik….” Kapér ora pedot cekikikan. Nang penganené krasa anéh tapi bener-bener gawé njelu lan waduké kaku.

“Ndelén Jon. Critané kepimén? Kayong ana-ana baé Tuyul rebutan tété wkwkwk…. kuwé rebutan téténé karo sapa?” takoné Darto karo gemuyu. Selawas urip nang dunya, déwéké tembé krungu ana kedadian kaya kuwé.

“Rebutan téténé karo bocah bayi umur rong taun.”

“Brarti waktu samana Mbokéné lagi nyusuni?” takoné Kapér.

“Yaul.”

ADVERTISEMENT

“Kuwé kedadian taun pira, Jon?”

“Kedadiané wis suwé lagi enyong mégin dadi wartawan tabloid Tegal Tegal,” jawabé Jon Dapuk.

“Ora papa Jon. Yanu kayong penasaran ka…. bener-bener kedadian laka-laka!” Darto ora sabaran kepéngin Jon Dapuk sagseg crita.

“Wis Jon, aja kesuwé. Critané pimén?” omongé Kapér karo Sidul sing sepada peanasarané kepéngin krungu crita kuwé.

“Critané kaya kiyé,” omongé Jon Dapuk.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk mbabar crita, nyruput wédangé latané nyuled rokoké. Kaya biasané tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk sing kesanding nang adepané.

Ora suwé maning Jon Dapuk latané mbabar kedadian Tuyul rebutan tété. Miturut sumber, jaré Jon Dapuk, ning dina kuwé sebut baé arané Marpuah, warga Kejambon, Kota Tegal. Nalika samana déwéké lagi nyusuni anak lanangé sing umuré rong taun, Marpuah keturon. Si bocah grinjalan baé kaya lagi ngusir sesuatu. Marpuah asik baé nyusoni.

Ora sepisan ora pingdo, si bocah grinjalan baé. Nyusuné ora anteng malah sangsaya keras ngrogété karo cangkemé cemroét. Bener-bener si bocah kaya lagi mbegis lan tangané nyurung-nyurung sesuatu siang ana nang jéjéré.

Sadar ana sing ora bérés, matané Marpuah melék. Kagét mbangkana kagét, jebul nang jéjér anaké ana Tuyul pan mélu nété.

“Kikikiki….” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk kecikikan.

“Compong!” delak Kapér karo cecikikan ora mandeg-mandeg, kosih matané mbrebes milik. Samana uga Sidul karo Darto.

“Toli tindakané Marpuah pimén Jon?” takoné Sidul sajeroné cekikikan.

“Si Marpuahé latané nggembor! Tuyuuullll….!!! Tuyuuuullll…. ana Tuyul…!! Sanalika wong saumar gégér. Tuyulé dibandem watu. Satralapan Tuyulé ngilang. Ésuké kampung gégér!” omongé Jon Dapuk nutup crita.

“Wkwkwkwk…..” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk gemuyu lata-lata. *(@)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.  

Tags: Lanang setiawanMociTuyul
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In