NANG wilayah Tegal lan sekitaré ana tembung anéh uga ngagéti. Tembung kuwé sokan digelontor gonéng bocah-bocah gén pritiwané sokan diweruhi masyarakat.
Udan Kethék! Ya, tembung kuwé ujug-ujug kondang nalika teka udan ning wayah ketiga ngentak-ngentak. Tapi tembung kuwé kondang kaonang-onang kosih sapréné?
Kapér, Darto, uga Sidul ngerti tembung kuwé tapi ora mudeng. Ning adepané Mas Jon, wong telu kepenin ngerti bab kuwé. Panggonan gendu-gendu rasané kaya biasa nang Gazébo samping umah anyaré Mas Jon.
“Ndélén Jon, bisané nang Tegal ana tembung udan kethék pimén?” takoné Kapér mbuka omongan.
Kaya biasané Mas Jon ora gelem njawabi. Déwéké kur meneng sadurungé jakwir-jakwiré mujar omongan kabéh.
“Ita Jon. Yanu kosih gedé tuwa saméné ora paham masalah kuwé.” Darto nambahi omongan.
“Pada!” jaré Sidul, “Nyong uga kepéngin ngerti bisané ana udan kethék? Cacak diterangna Jon. Kowen musti ngerti.”
Mas Jon ngunjal ambekan. Latané kaya biasané sadurungé njawab omongané jakwir, déwéké ngangkat gelas isi wédang téh poci. Rong sruputan dicicipi latané nyumed sigarét. Kaya biasané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Sidul kambén Darto mélu-mélu ndudut saeleran.
“Udan kethék,” Mas Jon molai mbuka omongan.
Jakwir-jakwiré pada pasang kuping, siap ngrongokna penjelasan saka Mas Jon.
“Kuwé tembung kanggo ngarani fénoména alam nalika teka udan ning wayah ketiga. Kedadian kuwé salah siji mangsa peralihan wayah ketiga tinuju mangsa rendeng. Bab kuwé ndadékna hawané angél ditebak, masalahé probahané cepet por-poran.”
“Maksudé kepimén, Jon?” takoné Sidul.
“Maksudé, misalé dina kiyé udan, ngésuk panas kemletak. Ésuké maning ndadak udan, awané panas maning gén soréné udan deres!”
“Owh?”
Jakwir-jakwir Mas Jon mlongo kabéh.
“Sauwisé kaya kuwé, latané ana kedadian sing ngagéti tur anéh.”
“Apa Jon?” takoné Darto sajeroné Mas Jon pan ngelanjutna penjelasan.
“Kuwé sing arané udan kethék.”
“Takon Jon,” Kapér ngacung.
“Pimén Pér?”
“Apa hubungané karo kethék utawané kunyuk?”
Mas Jon narik ambekan. Jakwir-jakwiré ngenténi jawaban.
“Jaré Mbah Kakungé enyong sing dadi petani, asal-usul udan ning wayah srengéngé panas kemletak, noniné ana critané bisané dihubungna karo kethék.” Anjog nang kéné, kaya biasané Mas Jon nugel omongan. Maksudé ébén jakwir-jakwiré ana sing takon.
“Critané kepibén, Jon?” Darto akhiré mujar pitakonan.
“Jaré Mbah Kakungé enyong, déwéké tau krungu crita saka wong pinter. Moniné, jaman gemiyéné saben umah Jawa duwé penampungan banyu sing diarani gentong, didalah nang ngarep umah. Gunané gentong kanggo wadah banyu supaya sing duwé umah, andong pan manjing jero wisuh dingin nang banyu gentong. Konon kabaré, tradisi gentong isi bayu nang ngarep umah, gunané kanggo tolak bala.
Kegunaan liyané, sarana gentong bisa nggo mastikna cuaca sonder sing duwé umah metu njaba ndeleng langit. Nalika kepéngin ngerti ana udan apa orané ning wayah ketiga, wong sing nang njero umah cukup nglodod saka jendela ndeleng banyu udan sing tiba nang gentong….”
“Bisané diarani udan kethék, Jon?” Sidul kayong ora sranta kepéngin olih jawaban saka Mas Jon, apa hubungané kethék karo udan wayah srengéngéné panas ngentak-ngentak.
“Coba Dul, adong kowen nglodod nang jendéla, sing katon apané?” Mas Jon balik takon.
“Endasé.”
“Lha kuwé sing diarani kethéké. Saka kono tembung udan kethék!”
Sekal kuwé, Kapér lan Darto langsung nyekakak saporété. Nang kéné Sidul tembe kena batuné. Mas Jon bener-bener cerdas gawé guyon sing luca laka badané!
“Huhaahaghaghaghaaaa….”
Kapér karo Darto gemunyuné nggégrék kosih matané pada ngruwicéh banyu. Mas Jon kaya biasané kur pésam-pésem. Sidul rainé mrengut, orabada mélu nyekakak.
“Asem!” Kur kuwé sing metu saka cangkemé Sidul. Jakwir-jawiré tambah cekakakan, termasuké Mas Jon. (*)
—-
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.
Discussion about this post