TEGAL — Ngrayakna ulang taun sing ke rolas, Paradiso Lounge dan Karaoké Tegal nganakna kegiatan bakti sosial nang wayah pageblug Corona. Saliyané ngedumna éwonan masker, puluhan karyawané uga mélu langsung neng acara resik-resik pantai nang kawasan Objék Wisata Pantai Alam Indah (PAI) Kota Tegal, dina Senen (11/1/2021).
Karo nggawa sapu lan tas kresek, karyawan sing mayoritas wadon kuwé mudun langsung maring pantai nggo nyaponi runtah. Pentér srengéngé belih nyurutna langkahé pada demi tujuan objék wisata andelan warga Kota Tegal kuwé resik lan indah. Puluhan tong sampah, uga ditempatna nang pojok-pojok PAI.
Lubar mbresihna pantai, selanjuté pada ngedumna masker maring wong plesir lan wong dagang sing ana nang PAI. Éwonan masker entong diedumna.
Manajer Paradiso Lounge dan Karaoké Tegal, Gaga, ngomong saliyané nang PAI, kegiatan bagi-bagi masker uga ngantikan maring kawasan Alun-alun lan dalan Pancasila Kota Tegal.
“Kegiatan bakti sosial HUT ke-12 Paradiso kiyé nggo bagi-bagi, resik-resik pantai lan ngedumna atusan masker lan tong sampah,” omongé Gaga ditemoni nang PAI.
Nanggepi anané pembatasan kegiatan nang bidang pariwisata, Gaga ngaku ndukung langkah Pemkot nggo meték kasus COVID-19 kuwé.
“Nyong sing dadi pengelola ndukung ora mupakat program pemréntah. Sabeneré angél angger mung nrima maksimal séket persén pengunjung. Tapi pas wis dadi kebijaksanaan pemréntah kudu madhakna lan méloni,” omongé Gaga. (*)
Discussion about this post