KAYA kesurupan belis teka-teka Kapér ndelak-ndelak. Jakwir-jakwiré sing lagi ngobrol gayeng nang Gazébo pinggir umah Mas Jon ndadak sirep.
DIJOR KLOWOR
Ana sing ora kerawat dijor
klowor pating besasat
Mawujudé gedongan tayoh kuwat
warisan kepungkur kuna burak rantak
Mandeng bangunan ati ngerasa ngenes
ora kerumat ora keurus
Kiyé bangsa apa
barbar apa berbudaya
Kolonial jahat ora mufakat
ninggal tetenger nggo tanda mata
Tetenger pengéling penerus
bangsa sing tau digerus-gerus
Kamitenggengen jakwir-jakwir krungu Kapér maca Puisi Tegalerin nggentawang. Rainé Kapér sing pancéné ireng ngemu abang mlonang dadi keswang ireng mangar-mangar.
“Njagong Pér! Énté kas kesurupan belis ngendi? Teka-teka ora uluk salam malah ndelak-ndelak, jawané apa?!” Nada suarané Darto radan séwot meling maring Kapér sing kas maca puisi. Pan tambah sepuisi maning dadi ora sida.
“Kowen ngerti apa, To?! Wong urip kuwé kudu peka maring kahanan. Kowen kuduné sokan ngrungokna puisi ébén utekeké kowen duwé pengrasa. Paham?” Kapér malah serius balik meling maring Darto.
Mas Jon cukup paham adaté Kapér. Déwéké ngira-ngira adong Kapér wis ndelak nganggo aksi maca puisi, tandané kas nemoni masalah serius ora baén-baén.
Mas Jon ngerti makna Puisi Tegalerin sing tembé baé diwaca Kapér. Setralapan baé makna puisi sing diwaca Kapér, soal keprihatinané nalika nyekséni cagar-cagar budaya mawujud umah gedongan pada terlantar ora digatékna.
“Wis aja bengkerengan. Nyong pan takon maring Kapér. Saluguné kowen gwé puisi kaya kuwé inspirasiné sing ngendi?” ujar Mas Jon sesambi nglerebna Kapér kambén Darto pada bengkerengan. Sekaligus kepéngin ngerti asal usul Kapér gawé puisi kuwé.
Sepi sejurus.
“Coba Jon, kon nyong ora séwot pimén? Umah-umah gedongan bangunan tuwa nang mbang loré bekas Pabrik Texin, wilayah Kramat, Kabupaten Tegal, peninggalan Man Landa kan luar biasa pengkuh gén karismatik modél bangunan Eropa. Dijor klowor kosih pada rusak. Ngarep mburi kiwa tengen samping umah rungseb alang-alang duwuré sedada ora kerurus. Angger bengi kahanané peteng nggriyeng, apa ora ngerti? Apa para penggedé nang Kabupaten Tegal ora duwé inisiatip ngerawat cagar budaya? Senajan umah-umah kuwé peninggalané Man Landa, kuduné peduli dirawat. Enyong beléh ngerti umah-umah kuwé wenangé sapa, tapi saora-orané aja dijor klowor burak rantak. Enyong sebagé penyair, ndeleng kahanana sing kaya kuwé, mrina!” Kapér ngecébrés dawa ngalar-ngalar.

“Kuwé sing lagi tak getuni, Pér! Umah gedongan peninggalan para penjajah ya ana gunané. Peninggalan kuwé sebagé tanda adong negarané enyon kowen pernah dijajah bangsa Landa. Kiyé bisa dadi studi keilmuan generasi sing pan teka. Adong ora dirawat kur dijor klowor pan ambruk didelengna, artiné sing duwé kewenangan ngilangna sejarah masa kepungkur!” omongé Mas Jon.
“Solusiné pimén, Jon?” ujug-ujug Sidul mbalang pitakonan.
“Solusiné, pemerintah setempat kudu tandang. Pimén carané bangunan mawujud umah-umah gedongan kuwé, dirumat, diopéni bén dadi kawasan destinasi. Ya… seora-orané sapa baé sing mampir maring kawasan kuwé, kaya lagi plesiran maring Eropa!”
“Iya ya ya… nang Jeraman waktu énté ngambah nang kana pimén?” takoné Darto.
“Diopéni lan dijaga kelestariané!” Mas Jon mungkasi obrolan. (*)
———–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé” 2011 uga novelis.
Discussion about this post