UPS Tegal Pusat Kajian Sastra Tegalan – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

UPS Tegal Pusat Kajian Sastra Tegalan

Jon Dapuk kiyé, karo jakwir-jakwiré getol njunjung duwur maring Sastra Tegalan.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
28 Oktober 2020
3 min read
0
UPS Tegal Pusat Kajian Sastra Tegalan
Share on FacebookShare on Twitter

DINA kiyé pengangené Jon Dapuk rasané diglibed pikiran kelu. Jon Dapuk bléh ngerti sebab apa déwéké ndadak ora duwé sumangat babar blas. Uteké bener-bener bumpet paribasan benang ruwed. Padahal dina kiyé kudu setor tulisan. Redaksi wis nggedag-nggedag kon sag-seg kirim. Tapi sahuruf baé, babar pisan ora mampu mbabar. Komputer wis murub, tapiné kur dipentelengi tok. Jon Dapuk cekelan batuk. Anéh tapi nyata.

Jon Dapuk éram. Jon Dapuk bingung.

Kriiinnggggg….!!

ADVERTISEMENT

HP-né Jon Dapuk moni. Nang layar HP tertera aran Bos médiané.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Mengenal Sastra Tegalan hingga Aliran Baru Puisi Tegalerin 2-4-2-4

26 Desember 2022
Gandeng PanturaPost, LPM Prapanca UPS Tegal Gelar Pelatihan Jurnalistik

Gandeng PanturaPost, LPM Prapanca UPS Tegal Gelar Pelatihan Jurnalistik

10 Desember 2022

“Iya Bos!” omongé Jon Dapuk karo ngangkat HP-né.

“Tulisan ditunggu.”

“Iya Bos Siap,” omongé Jon Dapuk pura-pura. Padahal pikirané lagi bener-bener bumpet.

“Sag-seg aja kesuwén.” Bos mediané wanta-wanti.

“Ya Bos!”

Jon Dapuk notup télponé. Jon Dapuk nyoba nulis. Maning-maning sahuruf baé ora bisa metu. Jon Dapuk kéder mbangkana kéder. Ujug-ujug ana bél mlebu. Dideleng nang layar kaca HP, aran Wijanarto, jakwir saka Brebes.

“Iya Jan, pimén?” omongé Jon Dapuk ndisiti Wijanarto nyuara.

“Tak tunggu saiki. Yanu nang Slawi,” suara Wijanarto saka sebrang kana.

“Nang endi?” pitakoné Jon Dapuk.

“Nang Mr. Café jéjéré RSU Adella. Ditunggu Muarif Esage karo Abu Ma’mur, pan mbahas acara Ulang Taun Seprapat Abad Punjul Sastra Tegalan. Lengkap nyotong-nyotongé dong énté anjog. Cepetan merapat, ditunggu jakwir-jakwir.” Wijanarto wanti-wanti. Sing dimaksud “Nyotong-nyotong” daning Wijanarto asliné saka tembung Prokém Tegalan artiné “Ngobrol-ngobrol”.

ADVERTISEMENT

“Okéh! Siap meluncur.”

Ora kesuwén Jon Dapuk mlencing maring panggonan sing dituju. Anjog nang tempat tujuan, nang kono wis ana Wijanarto, Abu Ma’mur, uga Muarif Esage. Jakwir-jakwiré Jon Dapuk kiyé, ora liya saperjuangan karo déwéké, getol njunjung duwur maring Sastra Tegalan. Muarif Esage sawijiné Guru Bahasa Indonesia nang SMA Negeri I Slawi sokan ngupas buku-buku puisi Tegalan jakwir-jakwir sing ana nang Komunisas Sastrawan Tegalan. Sawetara Abu Ma’mur ora béda karo jakwir-jakwir sekomunitas sing kédanan maring jagad Puisi Tegalan uga puisi berbasa Indonesia. Sedengé Wijanarto seliyané sokan nulis artikel sastra lan budaya, termasuké siji-sijiné pakar sejarah.

“Pan pesen apa Jon?” takoné Wijanarto sauwisé Jon Dapuk njagong nang adepan jakwir-jakwiré.

“Kopi baé wis,” semauré Jon Dapuk.

Wijanarto ngundang pelayan Café. Gelisan crita, kopi pesenan anjog nang adepané Jon Dapuk. Sepi sakléndab. Muarif Esage mbuka obrolan.

“Kiyé kaya kiyé mas Jon. Dalam rangka nyambut Dina Sastra Tegalan 26 Nopémber mengko, agénda acarané apa?”

“Agénda sing pasti peluncuran buku “Seprapat Abad Punjul Sastra Tegalan” karo baca puisi,” omongé Jon Dapuk.

“Diskusiné ana beléh Jon?” takoné Abu Ma’mur.

“Kuwé wis dadi agenda. Tapi mbokan pan ditambahi saiki dirembug,” omongé Jon Dapuk.

“Pa Muarif sadurungé tanggal 26 patang judul buku wis terbit. Rong buku di antarané kumpulan puisiné Abu Ma’mur karo buku tentang kupasan antologi Puisi Tegalané énté. Angger diluncurna sisan nang acara kuwé pimén, Jon?” omongé Wijanarto.

“Ora masalah. Semangkin akéh buku sing diluncurna, bukti nyata adong gerakan Sastra Tegalan ora péré-péré. Enyong sepakat!”

“Ngomong-ngomong tempat acarané nang endi? Nang UPS?” takoné Muarif. Sing dimaksud “UPS” daning Muarif Esage yakuwé “Universitas Pancasakti” Kota Tegal.

“Insya Allah Ketua Yayasané tak hubungi.”

“Iya Mas. Waktu nyong launching buku “Maufur Njunjung Duwur Nilai Luhur” nang UPS, Pak Imawan selaku Ketua Yayasané pernah ngomong maring para seniman Tegalan aja sungkan nganggo gedung Yayasan UPS,” tandas omongané Muarif.

“Bener mas Jon. Nyong krungu déwék Pak Imawan ngomong kaya kuwé. Pak Imawan malah duwé pengarepan UPS dadi Pusat Kajian Sastra Tegalan. Termasuké soal ubo rampéné uga pan dibantu!” sambung Abu Ma’mur sing waktu samana mélu nyumbang maca puisi Tegalan.

“Oké bro! Nyong kenal watéké Pak Imawan. Déwéké tipe wong apik. Nyong percaya, Pak Imawan ora klalén maring omongané. Pak Imawan salah siji priyantun sing taat maring agama. Nyong aqul yakin déwéké ora pan klalén maring apa sing wis diomongena,” omongé Jon Dapuk diamini Wijanarto.

Anjog nang kéné, ndadak uteké Jon Dapuk padang jembrang. Utek sing mauné bebel mbangkana bebel, balik maning tokcér. Sekal kuwé déwéké langsung ngetokna latopé lan agé-agé nulis obrolan sing tembé baé bubar kanggo bahan tulisan sing lagi dienténi Bos média Panturapost.com. (*)

—-
*Lanang Setiawan*, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociSastra TegalanUps Tegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In