BENGI kiyé, bisa dikandakna bengi kang istiméwa. Diomong istiméwa, jalaran sing dadi bahan dopokan, ilmu tuwa. Jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngerasa bener-bener éram nyawang penguripan kanca-kacané sing dadi PNS tapiné pada ngangluh. Padahal saben wulan duwé bayaran tetep. Kosih mati gajiané ya tetep ngalir. Sebab olih pangsiun. Bojoné mati, pangsiunané ngalir maring anaké. Béda Jon Dapuk ora duwé pangsiun. Luwih ngenes maning Sidul, Kapér, uga Darto sing kasabé serabutan gén ora duwé pangsiun. Tapi daya tahan luar biasa.
“Kancané enyong akéh sing dadi pegawé negeri, tetep baé ngangluh. Luwih-luwih ning zaman kiyé kahanan kiwa tengen susah. Mungguhé enyong, pegawé negeri apa susahé? Wong saben wulan nampa gajian. Angger Bébés Tugas alias BT cut pangsiuné terus mili. Sénggané mati pangsiuné maring bojoné. Bojoné mati, angger mégin duwé anak cilik, pangsiunané pindah maring anaké. Nang endi susahé? Wong duwé pangsiun?” Kapér mbuka omongan sajeroné dopokan bareng jakwir-jakwir nang Pos Ronda.
“Kuwé sing nggo éram yanu, Pér. Jakwir tangga teparo umah pegawé negeri, moniné uripé susah. Moniné cut bayaran ora cukup nggo mangan, soalé bayarané wis dipotong macem-macem kebutuhan. Utangé nang koperasi, nang bank, lan endi paran mégin nenden. Pudaté 10 taun maning. Tak deleng déwéké duwé mobil, anaké pada kuliah kabéh, umahé gedong. Susah apané? Bab kiyé sing ndadékna yanu nglegleg!” Sambung omongané Darto ngrasa éram maring uwong ora duwé syukur.
“Penyakité wong pegawé kaya kuwé, To. Padahal wis nikmati utangan puluhan juta kosih atusan juta. Ya… jelas gaji saben wulané dipotong nggo nyicil. Sing kaya kuwé moniné susah. Wong ndunyané mowak-mawik, duwé mobil, duwé umah gedong, lan anak-anaké uga pada kuliah, ka ngangluh? Angger enyong karo jakwir-jakwir sing kerjané serabuta, ngangluh tah macem. Pendapaté kowen pimén Jon?” omongé Sidul ora béda ngerasa éram maring uwong-uwong sing uripé wis disayang Gusti Allah Ta’ala tapi tetep ngangluh. Sekaligus njaluk pendapaté Jon Dapuk.
Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi utawané méin pendapat, tangané nyomot gelas isi téh poci. Latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokok dékéné Jon Dapuk sing disanding nang adepan jakwir-jakwir. Sidul karo Darto kletak-kletuk nggayem kacang bogarés.
“Sing arané urip pancén répot bro. Lagi durung duwé umah mésih ngontrak, nggayuhé péngin duwé gubug. Barang klakon pengin duwé motor apik. Klakon duwé motor nggayuh maning kepéngin duwé mobil. Kepénginané menungsa kuwé, njaluké nguasai jagad. Akhiré susah digawé déwék. Tibané utangé nenden kosih sagunung!” Anjog nang kéné kaya biasané Jon Dapuk mutes omongané déwék. Mbokata jakwir-jakwiré mbalang pitakonan. Dienténi laka sing takon. Jon Dapuk nerusna omongan.
“Ana kancané enyong sing penguripané cukup. Nyambut gawéné ora péré-péré jempolan. Bojoné pengusaha, ndelén kurang apa anggoné duwé penghasilan? Tapi ya tak-takan cut. Brita terakhir malah rumahtanggané bubar. Ana siji maning, jakwiré enyong kerjané terpandang tapi uripé dililit utang. Saben wulan kudu ngangsur kosih 5 taun maning, utangé témbé pudat. Bener-bener urip kuwé ganasé ora umum. Kiyé nyata ora digawé-gawé. Katoné tah iya mentéréng. Jebulé kropos!”
Krungu omongané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré nglegleg. Nang pikiran lan jero dadané, rasané kaya digebugi kasunyatan sing ora bisa dingerténi.
“Urip nang alam dunya werna rupa cobaan ya, Jon?” takoné Darto.
“Sing ora kuwat nyangga cobaan urip, bisa nglalu putus asa. Tanggané enyong, bojoné pegawé negeri duwé usaha, tetep baé ana goda. Ndelén kurang apa? Maksa baé lakiné beléh kuwat nyangga coba akhiré kendat, gantung diri!”
“Sejatiné ngadepi urip kudu kepimén, Jon?” takoné Sidul.
“Angger miturut Islam, ngadepi urip kudu sabar. Akéh syukuré. Olih satitik dipangan satitik. Olih akéh aja sekal dientongna kabéh. Aja keri sedekah, sebab sing arané sedekah gawé berkah. Ora kétang sacuil mboran, dipentingna sedekah. Kiyé salah siji konsép Islam. Ngajari menungsa aja kikir, aja bakhil!” mujaré Jon Dapuk njawabi pitakoné Sidul.
“Angger miturut wong Jawa kanggo ngadepi urip, apa Jon?” Omongé Darto.
“Nyong pan ngomong kaya kuwé wis kedisitan kowen Darto! Nah, bener omongé Darto, Jon. Konsép Jawa nggo ngadepi urip bén aja ngas-ngasan ana beléh?” sambung omongané Kapér karo ngletak jajan rengginang.
“Ana. Miturut ilmu Jawa sing tak waca nang buku uga nang google, wong urip kuwé kudu “Suméléh, Saderma Nglakoni”. Kuwé sing diarani konsép Jawa.”
“Maksudé?” takoné jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Kompak.
“Suméléh kuwé asalé saka tembung “Séléh”. Artiné “Ndokon” utawané “Seméndéh”. Sauwisé suméléh, artiné “Patuh” lan kudu ngerténi adong menungsa urip kuwé kudu pasrah maring Gusti Allah Sing Maha Ésa lan Maha Kuasa. Menungsa aja ugal-ugalan, aja ngentorang. Sikap sing kaya kuwé biasané dadi “Urutan Pungkasan”. Artiné sanalika nyong kowen ora ngankir ngadepi urip, nyong kowen sing dadi hambaNÉ total nyerahna segala persoalan maring Pengéran!.”
“Angger sing dimaksud “Saderma Nglakoni”, maksnané apa Jon?” takoné Sidul.
“Adong nyong kowen wis beléh kuwat ngadepi urip ning alam dunya, sebab akéh masalah sing diadepi, kabéhané dipasrahna maring Gusti Allah Ta’ala. Sebab, sing arané menungsa kuwé, sejatiné kur kon ngelakoni apa sing wis digarisna daning Sang Maha Pencipta. Miturut ajaran Islam, menungsa kuwé aja grusa-grusu sajeroné ngadepi masalah. Sabar… sabar… lan sabar dibarengi tawakal. Kuwé sing tak ngerténi enyong. Mbokan ana salah-salahé, sing salah enyong! Sing bener mung Gusti Allah Ta’ala….”
Krungu pituturé Jon Dapuk, jakwir-jakwiré bener-bener digawé nglegleg. Nang jero ati, jakwir-jakwiré mujar: siji-sijiné jakwir sing paling jempolan, ora liya maning kur: Jon Dapuk! (*)
—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post