HOBI dolanan manuk dara pancén dadi trend nang kalangan masarakat Indonesia. Lan kuwé dadi berkah dhéwék nggo pengrajin ring manuk dara kaya Andi Tarjono (54), warga Désa Karangsari Kecamatan Bulakamba, Kabupatén Brebes.
Andi Tarjono wis dadi pengrajin ring manuk dara awit 25 taun disit. Dhéwéké uga dadi pengrajin ke loro sing mbangun usaha ring manuk nang Kota Bawang.
Sadurungé mbangun usaha ring, Andi kuwé hobiné dolanan manuk dara balap. Nganti dhéwéké weruh peluang usaha nggo nggawé ring manuk dara. Nganti anjog wayah kiye, usaha dhéwéké maju lan saiki nduwéni 10 pegawé sing yakuwé tanggané dhéwék.
“Ring sing diproduksi wayah kiyé nggunakna teknologi laser. Nang awalé tah nyong gawé karo cara manual yakuwé sistem ketrok. Bareng teknologi selot maju, dhéwék saiki mroduksi nggunakna mesin laser,” omongé Andi, dina Jemuah (28/8/2020) .
Adhiné tukang sulap Pak Tarno kiyé uga mroduksi pirang-pirang ring manuk ocehan. Ring bisa dipesen sesuai aranéng sing pesen. Tapi ya kaya kuwé, nang wayah pageblug utawa éra pandemi COVID-19 saiki kiye, omzet usahané temurun lan sepi sing minat. Dhéwéké ya ngarep-arepna ana perhatian seka pemrentah maring usahané, yakuwé gaweni ring manuk.
“Ya pancén sadurungé pandemi ndistribusikna ring manuk dara maring sakabéhanéng daerah sing ana nang Indonesia. Malah anjog luar negri karo omset sing nguntungna. Tapiné nang éra pandemi saiki kiyé, omseté mudun nemen,” pungkasé. (*)
Discussion about this post