Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan – Panturapost.com
Senin, Mei 16, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
13 Mei 2022
2 min read
0
Viral Video Emak-emak di Pekalongan yang Buang Sampah di Tepi Jalan
105
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

PEKALONGAN — Vidio emak-emak pada ngguwang runtah semblotongan viral lan nyebar neng média sosial. Neng vidio kuwé, katon emak-emak kaya ora nduwéni dosa ngguwang seplastik runtah nang tumpukan runtah nganti numpuk nang gili gedhé Banyurip, Kota Pekalongan.

Vidio sing durasiné méh rong menit kiyé diunggah daning akun Instagram @pekalonganinfo pas dina Slasa (10/05/2022) lan wis dibagikna nétizen luwih seka 130 éwu. Neng unggahan vidio kuwé ketulis “Dilaruhi karo Masarakat ébén ora ngguwang runtah semblotongan apamaning nang pinggir dalan, melas kan ngarep umahé wong didadékna tempat pembuangan runtah. Lokasi nang Gili Gedhé Banyurip Sewelah Gang 4”.

Seka penulusuran, lokasi sing didadékna dadi Tempat Pembuangan Sementara (TPS) runtah kiyé pas ana nang ngarep Gang 4, Banyurip, Pekalongan Selatan. Nang lokasi kuwé wis dipasang MMT, sing menging warga ngguwang runtah semblotongan.

ADVERTISEMENT

Salah siji warga, Muhamad (35) warga Buaran ngomong, akéh warga sering ngguwang runtah semblotongan, tepaté nang ngarep warung és dawegan.

Baca Juga

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022

“Wayah esuk biasané emak-emak guwang runtah nang kono. Nyong uga sering ngileng lan bolan-balén ngélingna. Tapi ya tetep baé kaya kuwé. Nyong uga keganggu mambuné soalé warungé nyong uga perek nemen karo lokasi runtah,” jaréné.

Dhéwéké negasna, ana pirang emak-emak sing biasa ngguwang runtah rata-rata dudu warga kono. Tapi dhéwéké sakepenaké ngguwang runtah senajan akéh warga sing ngonangi dhéwéké.

“Bandel sih. Belih ngarti keningapa, apa belih duwé prasaan, guwang runtah nang ngarep dodolan inungan és degan persis, perek warung mangan,” ungkapé.

Kondisi runtah sing numpuk nang pinggir dalan kuwé katon sajegé dina Senén (09/05/2022), yakuwé pas trek runtah ora ngangkut.

“Ya biasané ana trek sing ngangkuti runtah kuwé. Tapi sajegé sawal kiyé laka. Sabeneré masalahé dudu kuwé, tapi tempat kuwé didadékna tempat guwang runtah. Kiyé dalan, dudu tempat pembuangan runtah uga,” omongé.

Sementara kuwé, Camat Pekalongan Selatan, Rusmani Budiharjo ngomong, pihaké wis sokan nglaruhi ébén ora ngguwang runtah nang kono. Nggo dina kiyé runtah wis resik lan petugas pan mantow terus aksi pembuahan runtah kuwé.

“Kasi Trantib Kelurahan banyurip wis mantow lan mékena édukasi maring warga sing ngguwang runtah nang lokasi kuwé, ébén ora mbaléni maning,” omongé.

Walikota Pekalongan, Achmad Afzan Arslan Djunaid, nyebut viralé vidio kuwé sabeneré nggo pembelajaran lan pangéling nggo warga sing bandel ngguwang runtah sembarang.

ADVERTISEMENT

“Nyong setuju, viralna baé vidio kuwé, péndah dhéwéké kapok. Nyong sokan nyampékna masalah runtah nang kota Pekalongan, segedhé apabaé anggaran nggo nangani runtah, seapik apabaé program kuwé, angger laka dukungan seka masarakat, padha baé goroh, dhéwék ora pan maksimal,” jelasé. (*)

 

Tags: Bahasa NgapakOra Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265
Warta Ngapak

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 
Warta Ngapak

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon
Warta Ngapak

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan
Warta Ngapak

Nembé Dibangun, Gedung Muséum Manusia Purbakala Brebes Ambrek Bagian Ngarepé

13 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In