KOTA TEGAL — Aran Wakil Wali Kota Muhamad Jumadi manjing neng Data Terpadu Kesejahteraan Sosial (DTKS) Kementerian Sosial (Kemensos). Artiné Jumadi mlebu dadi Penerima Manfaat (PM) Bantuan Sosial.
Kiyé sing nggawé wong dadi pada kéder, apamaning ngélingi posisi lan jabatané nang pemréntahan Kota Tegal. Sing jelas, Jumadi kuwé wong sugih.
Jumadi dhéwék wayah ditemoni wong-wong média ngaku kagét. Dhéwéké pan usaha mbatalna lan nakokna hal kuwé maring Dinas Sosial setempat.
“Nyong wingi olih informasi kuwé, pas lagi acara nang Bandung. Bengi nyong cék neng aplikasi pancén bener nyong kedaftar neng kana, nyong salah siji sing pan olih bantuan DTKS. Lan kuwé kekonfirmasi,” jaré Jumadi maring wartawan nang ruang kerjané nang Balé Kota Tegal, dina Senén (21/2/2022).
Jumadi sing manggon nang umah dinas lan KTP-né Kelurahan Mangkukusuman, Tegal Timur, ngaku sadurungé ora rasan didata. Daning petugas neng tingkat RT utawaha RW.
Apamaning sawisé dicék langsung nomer induk kependudukan (NIK)-é pancén ndéké dhéwéké. “Nyong ora rasan didata, laka wong sijia sing ndata nyong nggo manjing maring DTKS,” jaré Jumadi.
Senajan kaya kuwé, neng pengamatané, salah input data pancén bisa baé kedadén. Pertama gara-gara salah input data daning petugas, ke loro bisa bae gara-gara sistemé sing keléru.
“Nyong cacak ngileng aplikasi lan katoné ana kesalahan. Pertama nuruté nyong menungsané utawa human error. Rong sistem. Kuwé baé nuruté nyong, ndéan ana salah input, ke loro ya sistemé salah,” omongé Jumadi.
Jaréné, ora tepaté data DTKS pancén sokan kedadén. Umpamané, wong sing berhak ora manjing DTKS, malah sawaliké wong sing dirasa mampu manjing neng DTKS.
“Sistem ora bisa ngecék sapa-ya wong sing kedaftar kiyé. Kiyé problem. Taun disit uga nyong weruh akéh warga sing ora berhak olih, lan sing berhak malah ora olih bantuan,” jaré Jumadi.
Jumadi ngaku pan ngebéll Kepala Dinas Sosial Bajari nggo nyampékna persoalan dhéwéké manjing neng DTKS.
“Nyong pan njaluk konfirmasi maring Dinsos. Nyong pan takon kepala dinas lan nyong rasa kudu bisa mékena penjelasan keningapa bisa kaya kuwé. Dudu nggo nyalahna tapi luruh solusi sing apik kekait masalah kuwé,” jaréné.
Gara-gara persoalan kuwé, Jumadi ngarep-arep sakabéhanéng pihak luwih teliti maning. Utamané petugas sing nduwéni wewenang kekait hal kuwé.
“Kiyé dadi koréksi nggo dhéwék kabéh. Mlakokna pemrétlntahan kuwé good government-é kudu bener-bener, utamané pas masalah kemlaratan. Kiyé penting nyong sampékna,” jaré Jumadi.
“Neng kasusé nyong kiyé kudu dadi perhatian khusus neng sakabéhanéng pihak. Pemda, utawané pusat pas ngonfirmasi DTKS,” sambungé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post