TEGAL – Wali Kota Tegal Dedy Yon Supriyono akhire tedeg mbubarna Tim Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 sing dipimpine tanggal 30 Juli 2020 mengko.
“Gugus tugas nang tanggal 30 Juli sore nganggo cara resmi pan nyong bubarna,” omonge Dedy lubar nekani acara penyerahan sertifikat tanah warga nang latar Pendapa Ki Gede Sebayu, Bale Kota Tegal, dina Rebo (15/7/2020) .
Dedy nyebut, ana pirang-pirang alesan pan nglakokna pembubaran gugus tugas kuwe. “Eben birokrasi kabeh mlaku maning. Soale anggotane kabeh pejabat nang lingkungan Kota Tegal,” omonge Dedy.
Sadurunge dibubarna, nang dina sing padha, dheweke uga pan nglantik Wakil Wali Kota Tegal M. Jumadi dadi Ketua Tim Relawan COVID-19. “Sadurunge dibubarna, wakil wali kota pan nyong lantik nggo dadi ketua relawan seka non APBD,” omonge Dedy.
Jare Dedy, sawise gugus tugas dibubarna, dheweke bareng karo jajaran Pemkot Tegal lan Forum Komunikasi Pimpinan Daerah pan fokus telung hal jeroneng era kenormalan anyar utawa new normal.
“Dadi new normal kiye, kepiben eben normal ekonomine, normal kesehatan wargane, lan normal maning situasi lan kondisine,” pungkase Dedy.
Sadurunge dibritakna, ari wacana pembubaran gugus tugas kiye wis dilontarna daning Dedy sing rencanane dibubarna nang akhir wulan Juni wingi.
Ditundane pembubaran gugus tugas kiye disampekna daning Wakil Wali Kota M. Jumadi soale mertimbangna, salah sijine kesiapan calon relawan sing pan nyambut gawe ngganteni gugus tugas. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post