Warna Ungu Lambang Warna Randa? – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Warna Ungu Lambang Warna Randa?

Jaré sapa warna wungu nglambangna randa?

Ria Candra Dewi dan Lanang Setiawan by Ria Candra Dewi dan Lanang Setiawan
31 Oktober 2020
2 min read
0
Warna Ungu Lambang Warna Randa?

Ria Canda Dewi dan Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Share on FacebookShare on Twitter

MALEM Ahad alias Malem Minggu, langité katon padang jembrang nandakna ora pan udan. Lintangé pating kerlip gawé ati bungah. Nang Warung Kopi Pak Dul ramé. Bocah nom-noman pada ndopok. Sing lagi gérélan ora kurang. Njagongé radan mojok.

Nining njagong déwékan ngenténi batir-batiré, tapi durung pada anjog. Ora srantanan déwéké nebar WA nang “Grup WhatSaap”. Nang grup kuwé ana Runtah, Ribut, uga Wastiah, batir-batir jaman SMA gemiyén.

“Hayuh sag-seg kumpul. Nyong wis nang Warung Kopi Pak Dul….” Nining ngenténi batir-batiré pada anjog.

ADVERTISEMENT

Ning bengi kuwé, Nining, Runtah, Ribut, uga Wastiah pedaminan  tampil ayu-ayunan tur anggun-anggunan mumpung dinané Malem Ahad. Ning waktu samana, Nining nganggo klambi warna kuning, nudukna makna ati sing lagi seneng. Embuh batir-batiré pan tampil nganggo sandangan apa.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

Ora suwé, batir-batiré siji tut siji anjog. Pertamané Ribut, nganggo klambi warna abang jambon nggambarna feminin. Sekal anjog, Ribut langsung njagong nang adepané Nining.

“Pan nginung apa, But? Ékspréso apa cappuccino.”

“Cappuccino baé wis. Langgan lawas,” omongé Ribut.

Ora let suwé teka Wastiah. Déwéké nganggo sandangan warna abang sing nandakna gagah berani.

“Ngayeg nemen sih, Ah?” takoné Nining.

“Nyong nggoléti klambi warna favorit ketlingsep nang kamar adiné enyong. Barang tak jukut, klambiné kuwes-kuwes atané tak elus disit….” Omongé Wastiah karo nggégrék. Orabada Nining karo Ribut cekikikan.

“Ana-ana baé kowen,” omongé Ribut.

“Kiyé omong-omong Rutah durung katon maring ngendi?” Ribut mbalang pitakonan.

“Biasa owh, wong kaé adong dandan kléwat ngayeg. Lawasé dubilah belis,” omongé Nining.

Lagi dirasani batiré, ujug-ujug Runtah nongol karo pésam-pésem.

“Suwé nemen sih, Tah?” takoné Wastiah.

Sing ditakoni kur cengar-cengir. Waktu samana, Runtah nganggoné klambi wungu.

“Tah, Runtah… kowen ka nganggo klambi warna wungu? Kaya randa! Bener ora kanca-kanca? Warna wungu kuwé maknané suker utawané kedukaan. Biasané dienggo wong wadon sing statusé wis dadi randa,” omongé Ribut.

Krungu omongan kaya kuwé, rainé Runtah sekal brubah dadi abang pan nangis. Nining nengahi émén suasana ora dadi kaku lan panas.

“Jaré sapa warna wungu nglambangna randa? Kowen ngarti beléh, But? Jaman kuna akéh para priyayi nganggoné klambi warna wungu, dadi klambi kaum bangsawan. Nang negara-negara Eropa, warna wungu tanda kejayaan lan kemakmuran. Dadi langka kaitané karo status  randa. Paham But? Warna wungu sing jaréné warna randa, kuwé kur mitos sing bléh bener!” omongé Nining mecah kebekuan.

ADVERTISEMENT

“Kaya kuwé Ning? Nyong tembé paham kyéh. Hahaha….” semauré Ribut. Wong siji kiyé awit jaman sekolah sokané gawé rag-reg.

Runtah sing mauné prengat-prengut, ndadak hawané sumringah. Untung baé ana Nining sing pancéné wawasané luas.

“Maaf ya But? Nyong saiki tembé paham arti warna wungu,” omongé Ribut karo tangané narik tangané Runtah, ngejak salaman.

Ndadak kahanan sumringah. Wong papat pada gayeng nginung kopi karo nyamikan. Nang liya dina, ajib mbangkana ajib, batir-batiré Nining latané pada nganggo sandangan warna wungu. Bab kiyé sauwisé ngarti makna wungu. Padahal ora pada janjian, kiyé bener-bener ajib! (*)

——–
Ria Canda Dewi dan Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel. 

Tags: JandaMociWarna UnguWarna Ungu Lambang Randa
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In