JAM telu ésuk uput-uput kurang saseran, Mas Jon nglilir krungu HP-né nggeter. Naga-nagané ana WA mlebu. Rikat HP-né dibuka. Matané Mas Jon nlusur huruf-huruf sing disusun dadi kalimat. Mas Jon nahan ambekan. Déwéké ora percaya tapi kalimat WA sing diwaca ora baén-baén gawé atiné ngilu.
Tsany, ya Tsany! Lengkap arané: Utad A. Tsany bin Hambali, jakwir Mas Jon sing saben dina pegawéné kur mulang ngaji nang Yayasan Omah Quran Santoaji, Kota Tegal, dina Jemuah, 15 Januari 2021 KIYé lagi kedodokan duka nestapa.
Assalamu’alaikum…
Inna Lillahi wa Inna Ilahi Riji’un.
Mohon donga lan hadiah Fatihah kanggo pawééstri kulo MUHIMMATUL KHAFADOH binti TASLIM.
Allah sampun nimbali dumateng Rahmatullah…
Moga husnul khotimah.
Mas Jon ngulangi maca brita lelalyu sing lagi diranapi Ustad A. Tsany bin Hambali. Mas Jon ora sagseg mbalesi WA-né. Déwéké kur nglegleg. Kemutan pirang wulan kepungkur taun 2020, Ustad Tsany nggelar hajad sunat bocah telu sekaligus, diarak kliling kampung. Ora tuwa ora enom, ora wadon ora lanang pada nabuh terbang ngiringi bocah sunat sing numpak bécak. Lantunan solawatan nggalik-nggalik sadawané dalan.
Wong-wong kampung ning Desa Pesaréan, Kecamatan Adiwerna, Kabupaten Tegal mélu remojong ngiring bocah sunat. Ustad A. Tsany kesawang pasuryané bungah. Kewajiban sebagé bapané anak-anak wis dilakoni. Préntah Nabi digenepi ning dina kiya, nyunat bocah telu.
Mabag ning tengah dalan sing diliwati tradisi arak-arakan sunatan, dipotrét pirang jeprétan gonéng Mas Jon. Déwéké kepéngin méin bebungah maring sing duwé hajat, dibritakna ning médiané. Mung kuwé sing bisa dilakoni Mas Jon. Gambaran kenangan nalika Mas Jon kandegan ning umahé Ustad A. Tsany.
Mas Jon ngunjal ambekan. Matané dimeremna karo ngempet ambekan. Kebayang maning ning matané pristiwa tanggal 30 Séptémber 2020, Ustad A. Tsany tampil nang acara peluncuran buku kumpulan puisi Tegalan “Obituari Kang Nur, Bapak Sastrawan Tegalan”. panggonan peluncurané nang pelataran Omah Quran. Nng acara kuwé, pas nemen dina ulang tauné déwéké. Istiméwa mbangkana istiméwa, dina kelairané dipringati para sastrawan Tegalan. Sing maca Puisi Tegalan pirang-pirang sing ngendi paran. Déwéké uga urun maca Puisi Tegalan gawéané Dwi Ery Santoso judul “Olih Jegongan Maghfiroh”.
Ayu-ayu kembang ndadak kabur sawangané ketutup
kebeké kanca-kanca sedulur sochib sing pada nganter
del-delan nganter ummaté Muhammad sing pindah
maring panggonan rakhmaté gusti
muga olih jegongan maghfiroh
……………………..
Kuwé potongan Puisi Tegalan sing diwaca gonéng déwéké. Suarané gemladag, nyirep sing pada nonton pagelaran peluncuran buku kumpulan puisti Tegalan kuwé. Nalika samana atiné Mas Jon nggeter. Ora kur jalaran macané gawé ngubah suwasana mrinding, tapiné nang pengangené Mas Jon ana bab misteri sing ora bisa kewetu. Embuh, kuwé apa. Mung sing dirasa Mas Jon gitoké mrinding.
Saiki, jebul ana warta lelayu. //kebeké kanca-kanca sedulur sochib sing pada nganter/del-delan nganter ummaté Muhammad sing pindah/maring panggonan rakhmaté gusti//.
Tembung ukara kuwé sing ndadékna gitoké Mas Jon mrinding.
“Mbokan bojoné enyong ana salahé, njaluk diampura ya mas?”
Mas Jon ora mbalesi WA lanjutan Ustadé. Déwéké mung yakin seyakiné, senajan ora pernah srawungan karo bojoné, tapi jenat bojoné Ustadé kelebu tiyang saé lan sregep ngelakoni ibadah sadina-dina.
Ning ésuk kiyé, atiné Mas Jon kaya dikepruk watu. Déwéké bener-bener digawé nglegleg maca warta lelayu. Wates umur menungsa pancén ora bisa ditebak. Laka sing bisa mbadék, apa maning nolak pepesténé Pengéran. Adong wayahé anjog, laka uwong sing bisa nampik. Ora bayi, ora bujang, ora wong tuwa gén laka dayané ngadepi pepestén. Abang ijoné menungsa, kabéh wenangé Pengéran.
Ora krasa pelapukan matané Mas Jon ngambang bayu bening. Saka kadohan, kupingé déwéké keprungu suwara adzan subuh nggalik-nggalik ngambang ning awang-awang, nembus tekan njero kondong. Agé-agé déwéké menyat tinuju kolam njukut banyu wudhu, ngelakoni salat subuh. Lubar salat, déwéké kémutan weling WA-né Ustad Tsany, jejaluk hadiah Fatihah kanggo bojoné.
“Mohon donga lan hadiah Fatihah kanggo pawééstri kulo.”
Mung kuwé penjalukané déwéké ora néka-néka. Ya! Mung kuwé penjaluké Ustad Tsany. Muga-muga baé jenat bojoné jembar kuburané lan padang jembrang kahanané! Diampuni dosa-dosané. Pungsas dedongané Mas Jon. (@)
—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novelis.
Discussion about this post