SLAWI – Wayah pageblug utawa pandemi COVID-19 rupane ora nggawe lereb pasangan lanang-wadon pada pegatan. Buktine, molai wulan Januari anjog Juni 2020, ana 1.814 Pasutri utawa wong mbojo sing ngajukna pegat maring Pengadilan Agama (PA) Slawi Kabupaten Tegal. Rata-rata gara-gara ora diwein nafkah.
Humas Pegadilan Agama Kabupaten Tegal, Sobirin maring PanturaPost.com, dina Senen (20/7/2020) ngomong, pegatan nang masa pageblug lan masa transisi anyar utawa new normal esih rame nang Kabupaten Tegal.
“Anjog wulan Juni 2020 wis ana 1.814 pasangan lanang-wadon sing pisah utawa pegatan. Belih mung kuwe, nggo sing ndaftar proses pegatan ya esih rame,” tuture.
Dheweke mbeberna, seka perkara pegatan sing manjing maring Pengadilan Agama Slawi, sing nonjol dipengaruhi tukaran sing kedaden terus-terusan antara pasangan kuwe. Yakuwe seakeh 228 perkara. Ditinggal sing-lanang utawa ditinggal sing-wadon seakeh 530 perkara.
Sing paling akeh, masalah ekonomi utawa sing-lanang ora mekena nafkah sing cukup nggo kebutuhan urip sadina-dina seakeh 764 perkara. Sing gara-gara zina utawa konangan selingkuh karo wadon liya seakeh 15 perkara.
Angger sing pegatan gara-gara kekerasan dalam rumah tangga (KDRT) kuwe ana 22 perkara, terus gara-gara kawin sing dipaksakna kluwarga nganti padha-padha ora nresnani seakeh 10 perkara. “Nggo taun 2020, pegat talak 418 perkara lan pegat gugat 1.396 perkara,” tuture.
Jarene Sobirin, hakekate wong mbojo kuwe ora olih pegatan. Kecuali, ana alesan-alesan sing dibenerna daning hukum & undang-undang. Pegatane uga mung olih dilakoni nang ngarepe persidangan pengadilan, sawise majelis hakim usaha mediasi. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post