WIS patang bengi kiyé, Kapér ora ngambah maring Pos Ronda. HP-né uga ora aktip. Mas Jon, Sidul, uga Darto beléh ngarti maring ngendi nglayabé déwéké.
“Olih patang bengi, Kapér ora ngambah méné dongé ana apa Dul? Kowen lagi pada bengkerengan?” takoné Mas Jon. Ora pranti-prantiné Kapér kaya kuwé, brubah dratis ora awor karo jakwir-jakwir. Kiyé sing ndadakna Mas Jon curiga, aja-aja antara Sidul karo Darto lagi sengit-sengitan sebab selisih paham.
“Babar blas laka apa-apa, Jon. Laka bengkengan uga laka padu. Apik-apikan gén wajar-wajar sesrawungan antarjakwir. Sung! Enyong karo Darto laka masalah. Angger béda pendapat nang dopokan, wis biasa. Ora kosih sengit-sengitan apamaning nganti dipendem dugal ning ati. Bubar padu nang dopokan, raket maning kaya mauné. Wong jakwiran awit SD, bengkerengan hasilé apa? Laka untungé Jon?” omongé Sidul. Déwéké uga babar blas bléh paham ngilangé Kapér maring ngendi lan ana masalah apa?
“Miki, yanu karo Sidul nekani umahé, bojoné malah kéder nggoléti Kapér. Jaré bojoné, kosih sapréné Kapér durung balik ngumah. HP-né Kapér uga ora aktip. Tak WA karo tak bél, ora mbalesi ya ora nyauti. Dongé méradé Kapér maring endi ya?” omongé Darto kaya maring awaké déwék.
“Ndelén tak télpon….” Mas Jon rikat ngebél Kapér. Setengah menit HP-né dijor moni, laka balesan babar blas. Ping pingdo kosih ping telu adil Mas Jon ngebél, hasilé enol!
“Ngadel owh ya, Jon? HP-né ora aktip?” omongé Sidul.
Mas Jon mantuk. Suasana Pos Ronda ndadak kegawé suwung. Ana wong telu jagongan, rasané sepi nyenyet. Laka jakwir siji ora numul, kahanan Pos Ronda kaya laka sing manggoni. Alhasil, wong telu kur pada meneng-menengan.
Ana seprapat jam, Pos Ronda kegubed sepi. Ujug-ujug, kupingé wong telu krungu suara: kriyet… kriyet… kriyet! Ora pangling, kuwé suara pité Kapér. Bener baé, ora suwé Kapér jemedul manjing ning pelataran Pos Ronda!
“Alhamdulillah…. énté umuré dawa Pér? Lagi nggo bahan dopokan, teka. Énté maring endi baé sih? Wong saumah pada nggoléti énté, Bol?!” ujaré Darto.
Sing diomong ambekané ngos-ngosan.
“Wis nginung disit Pér,” tangané Sidul ngulungna banyu putih sagendul kemasan plastik. Tangané Kapér langsung nyamber.
Cegak-ceguk suara Kapér nenggak banyu putih.
“Olih patang bengi kowen ora ngambah méné, keningapa?” takoné Mas Jon sauwisé ambekané Kapér radan logro.
“Laka apa-apa Jon….”
“Aja mukir Pér, bojoné kowen karo anak-anaké kowen kebingungan. Patang bengi ora balik ngumah? Kowen tukaran karo bojo?” omongané Sidul nyambung pitakonané Mas Jon.
“Nék ana gawéan ning luar kota, aja meneng-menengan owh Pér? Jakwir-jakwir dijak. Ana rejeki aja nggo déwék tok. Kiyé mangsané Covid-19, golét pangan lagi sulit. Bagi-bagi job bén bareng rasan!” Kaya biasané Darto mancing Kapér culag.
“Kowen angger ngomong sakena-kenané ya, To? Urip lagi nglepésé ngadepi Covid-9 ka, jab… job, jab job…. ndasmu pokah ?!” timpal Kapér.
“Sikah! Wanyad énté.” Darto nyruwang.
“Wis aja padu. Jan-jané ana masalah apa sih Pér? Nganti ora balik?” takoné Mas Jon sekaligus misah jakwir-jakwir aja kosih bengkerengan.
Sadurungé njawabi, tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Mas Jon. Rokok gelisan disumed, olih rong empotan tembé déwéké nyuara.
“Kowen kabéh pada ngerti beléh sih? Ning wayah kiyé pageblug Covid-19 lagi ganas-ganasé ngambah jagad. Bumi paribasané ora olih dipanggoni menungsa. Nang elor Covid-19, nang kidul ya Covid-19. Samana uga nang kulon lan mbang wétan, dikepung Covid-19. Jal pan mlayu maring endi? Siji-sijiné jalan aman kanggo nyelametna kaluarga, nyong kudu bisa jaga jarak! Alhasil….”
“Alhasil pimén Pér?” takoné Sidul motong omongané Kapér.
“Patang bengi patang dina, nyong ngumpet ndekem nang gubug sawah!”
“Ha???”
Jakwir-jakwiré ndadak mlongo krungu omongané Kapér. Sauwis kuwé, srentak nyekakak kabéh.
“Compong énté! Sing dimaksud jaga jarak kuwé, nék ngobrol aja cedek-cedek. Mbokan baé lawan obrolané énté, lagi keténggor Covid-19. Dudu minggat sing ngumah, ndekem ning gubugan sawah, Nyad?!” timpal omongé Darto.
“Ha???”
Saiki gantian Kapér cangkemé mlongo amba. Dayiké Kapér sing pancéné wanyad, bengi kuwé katon kaya barongan mendelik.
“Hahahahaha….” Sidul, Darto, uga Mas Jon ora sanggup ngampet cekakakan. Serempak wong telu nyekakak lata-lata. Tapi orabada, Kapér uga akhiré mélu nyekakak ngrasakna uteké songong! (@)
——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis
Discussion about this post