Welasan Umah nang Jatinegara Tegal Ruwag Gara-gara Lemah Longsor – Panturapost.com
Senin, Mei 16, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Welasan Umah nang Jatinegara Tegal Ruwag Gara-gara Lemah Longsor

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
17 Januari 2022
2 min read
0
Belasan Rumah di Jatinegara Tegal Rusak Akibat Tanah Longsor

Lantai rumah warga Dukuh Tigasari retak akibat tanah longsor. (foto istimewa)

689
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

TEGAL — Bencana lemah longsor kedadén nang Désa Padasari, Kecamatan Jatinegara, Kabupatén Tegal lubar udan gemerot sing kedadén dina Saptu (15/1/2022) soré. Senajan laka korban jiwa, tapi nggawe welasan umah warga ruwag.

Lurah Désa Padasari, Kecamatan Jatinegara, Mashuri wayah dikonfirmasi, dina Minggu (16/1/2022) ngomong, umah warga sing ruwag gara-gara longsor seakéh sewelas umah, siji neng antarané ruwagé parah lan liyané sedeng.

“Gara-gara udan gemerot, lahan perbukitan nang désa kuwé oyag lan longsor, akibaté nggawé ruwag umah warga,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Bencana kuwé kedadén nang Dukuh Padareka RT 05 RW 01 lan Dukuh Tigasari RT 15 RW 03. Ana umah siji sing ruwagé lumayan parah. Umah kuwé ndéké Solihin karo tuna luwih seka rongpuluh juta. Lokasiné nang Dukuh Padareka.

Baca Juga

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022

“Nggo umah sing ruwagé parah yakuwé ndéké Pak Solihin. Soalé umahé ora bisa dipanggoni, dadi kepaksa pak Solihin ngungsi,” jaréné.

Sementara, jaré Mashuri, bencana lemah longsor sing kedadén nang Dukuh Tigasari, wis nggawé ruwag sacuilé sewelas umah. Ruwagé neng antarané ubin umahé mletak lan bangunané rawan ruwag.

ADVERTISEMENT

Saliyané nggawé umah ruwag, bencana alam lemah longsor uga nggawé dalan sing nuju maring Dukuh Padareka mblesek. Dawané dalan sing mblesek kuwé diperkirakna sekitar telungpuluh méter lan amba telung méter. Padahal, dalan kuwé mbéké didandani.

“Pancén posisiné Désa Padasari ana nang aréa perbukitan. Mugané rentan karo bencana lemah longsor lan oyag,” ungkapé.

Sementara kuwé, Solihin nyritakna, wayah kedadénan kedadén dhéwéké lagi ana nang musala. Sedengé bojoné, anak lan putuné nang umah. Untung, bojoné bisa slamet.

“Ya begitu kedadénan, bojo, anak lan putuné nyong langsung mlayu metu seka umah nggo nylametna awaké dhéwék-dhéwék. Longsor nggawé pondasi umahé nyong ruwag,” tuturé.

Sementara kuwé, Ketua Palang Merah Indonesia (PMI) Kabupatén Tegal Iman Sisworo metung Kepala Markas PMI Sunarto ngomong, pihaké wis nguduna petugas Sibat Jatinegara nggo nglakoni asesment.

“Personilé dhéwék wis mudun maring lokasi nggo nglakoni assesment. Rencana, dhéwék pan mékena bantuan nggo para korban,” jelasé. (*)

Tags: Bahasa NgapakOra Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265
Warta Ngapak

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 
Warta Ngapak

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon
Warta Ngapak

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Viral Video Emak-emak di Pekalongan yang Buang Sampah di Tepi Jalan
Warta Ngapak

Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan

13 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In