BREBES – Jos nemen bocah-bocah nang Désa Kalierang Kecamatan Bumiayu Kabupatén Brebes kiyé. Grombolan bocah kuwé pada nglakokna kampanye kebersihan liwat aksi mural, dina Slasa (1/9/2020). Lah, lokasiné kuwé ana nang Kali Erang perek tempat pembuangan runtah kononé.
Karo nganggo modal cet lan kuas, bocah-bocah kuwé pada nggambar karakter kéwan lan kendaraan nang watuan kali. Belih klalen, nang gambar kuwé, dislesepna tulisan pengingan ngguwang runtah.
“Tujuané nggo ngélingna ebén masarakat ora ngguwang runtah sembarangan maring kali,” omongé penggagas aksi, Anton Bimo.
Dhéwéké ngomong, karo bentuk kampanyé kaya kiyé, bisa mékena kesadaran nggo masarakat ebén pada merhatikna lingkungané dhéwék. Soalé nang Kali Erang ésih ditemoni runtah pating mambrah-mambrah utawa diguwang sembarangan.
“Dhéwék ora bisa menging nggo guwang sembarangan. Mugané dhéwék gawé pesen gambar sing bisa diwaca sakabéhanéng masarakat,” jaréné.
Saliyane kuwé, tujuan liyané nggo ngiséni wektu luang nang njabanéng sekola. “Nggo ngédukasi lan ngiséni wektu luang bocah-bocah. Sifaté ora maksa,” imbuhé Bimo. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post