TEGAL – Mblunat nemen kelakuané aki-aki sing arané Junari, seka Dukuh Kalimirimg Désa Yamansari, Kecamatan Lebaksiu, Kabupatén Tegal. Aki-aki sing wis mambu lemah umuré 65 taun kiyé kolu nggranyangi bocah sing ésih piyik. Korbané yakuwé bocah umur rolas (12) taun sing huruf pertamané WA lan jebulané tanggané dhéwék.
Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP Heru Sanusi, wayah gelar ungkap kasus, dina Slasa (11/8) ngomong ari aksi mblunaté dilakoni wayah korban adus nang kali sing ora adoh seka umahé tersangka. “Mauné tersangka kiyé mung ngintip korban. Soalé nyembul hasrat seksual, latané aksi kuwé dilakoni,” jaréné.
Sadurungé nglakoni aksiné, Heru nglanjutna, tersangka ngiming imingi korban pan mékena duwit Rp 2.000 lan Rp 5.000.
“Dadi modusé pan mékena duwit. Nang aksi pertama Rp 2000 lan ke loro Rp 5000,” ungkapé.
Keungkapé kasus kiyé, sawisé korban nglaporna maring mboké. Pihak kluwarga ya latané nglaporna maring polisi nganti akhiré tersangka sing yakuwé kuli serabutan dicekel.
“Dhéwék enggo Undang Undang Nomer 17 Taun 2016 ngenani perlindungan anak. Ancamané 15 taun penjara,” jelasé Heru.
Nang arepan petugas, Junari ngaku ari kelakuan mblunaté kuwé dilakoni akehé nganti ping pindo. “Pas kuwé nyong ngileng dhéwéké lagi adus nang kali, kaya kuwé ngileng, nyong langsung ketarik,” ngakune. (*)
Discussion about this post