Wis Suwé Nganggur Gara-gara Pageblug, Atusan Seniman nang Brebes pada Nampa Sembako – Panturapost.com
Kamis, Agustus 11, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wis Suwé Nganggur Gara-gara Pageblug, Atusan Seniman nang Brebes pada Nampa Sembako

Nggo menuhi kebutuhan sadina-dina, akéh sing dadi kuli bangunan lan dodolan

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
28 Juli 2021
2 min read
0
Lama Menganggur karena Pandemi, Ratusan Seniman di Brebes Dapat Bantuan Sembako

Jajaran Polres Brebes mendistribusikan 1.000 paket bansos diberikan kepada pekerja seni terdampak pandemi COVID-19. (Foto: Fajar Eko)

433
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

BREBES — Anané kebijakan Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) dampaké belih mung maring wong sing dagang tok. Atusan pekerja seni nang Kabupatén Brebes uga pada ngeluh lan kena dampaké.

Dhéwéké ngaku keimbas karo anané kebijakan PPKM merga belih bisa nglakokna kegiatan sing kaya biasané. Akibaté, akéh sing pada ngaku ékonominé kangélan.

Nggo menuhi kebutuhan sadina-dina, akéh sing dadi kuli bangunan lan dodolan. Tapi penghasilan dhéwéké uga belih bisa nyukupi nggo kebutuhan sadina-dina. Senajan kaya kuwé, dhéwéké tetep bertahan karo kondisi sing serba angél.

ADVERTISEMENT

“Nggo kebutuhan sadina-dina saanané lan sabisa mungkin kudu ana. Akéh seka dhéwék sing pindah dadi kuli bangunan lan dodolan soalé kegiatan seni dipenging. Akéh sing dodolan tapi merga kondisiné lagi pageblug, penghasilané pas-pasan,” omongé pekerja seni Brebes, Tarjono, lubar nampa Bansos nang Mapolrés Brebes, dina Slasa (27/7/2021).

Baca Juga

Tak Jadi Dipindah, Pasar Malam HUT RI Tetap Digelar di Kompleks GOR Brebes

Ora Sida Dipindah, Pasar Malem Agustusan Tetep nang Kompléks GOR Brebes

6 Agustus 2022
Polisi Bulakamba Brebes Bekuk Pelaku Penggelapan Sepeda Motor 

Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

6 Agustus 2022

Dhéwéké nambahi, lawasé rong taun sajegé pageblug Corona kiyé pekerja-pekerja seni seka klompok musik organ kiyé nganggur. Dhéwéké belih nduwéni penghasilan maning soalé péntas seni musik dipenging. Dhéwéké ya ngarep-arep kebijakan PPKM dilonggarna, ébén péntas seni musik bisa dibuka maning.

Jaréné Tarjono, nang Kabupatén Brebes ana sacuilé 350 klompok seni musik sing biasa péntas nang panggung hajatan. Tapi bareng anané kebijakan PPKM lan pengingan nganakna ramé-ramé, dhéwéké kudu nganggur.

ADVERTISEMENT

“Bantuan kiyé ngénténgna nemen, tapi mung nggo loro utawa telung dina. Selanjuté dhéwék kéder maning karo kebutuhan sadina-dina. Dhéwék nyampékna matur suwun maring polres Brebes sing mékena bansos pakét sembako,” jelasé.

Sementara kuwé, Kapolrés Brebes AKBP Faisal Fébrianto ngomong, angger bansos pakét beras lan sembako kiyé saorané bisa ngurangi bebané pekerja-pekerja seni. Dhéwéké ya njaluk pekerja-pekerja seni nggo sementara kiyé bisa luruh pegawéan liyané nganti kebijakan PPKM kiyé resmi dicabut daning pemréntah.

“Dhéwék ngarep-arep pekerja-pekerja seni kiyé bisa luruh pegawéan liyané nyambi ngenténi kebijakan PPKM kiyé dicabut,” omongé Faisal Fébrianto.

Dhéwéké nyebut, ngantikan saiki jajarané metung Polsék nang 17 Kecamatan lagi ngedumna pakét sembako maring masarakat sing keimbas PPKM. Bangsané wong dagang, tukang parkir, tukang bécak lan liyané.

Bantuan pakét sembako kiyé diarep-arep bisa ngénténgna beban masarakat gara-gara kebijakan PPKM. Pihaké ya terus ngédukasi masarakat ébén protokol keséhatan ora kendor.

“Dhéwék terus ngedumna pakét bansos karo arep-arep bisa ngénténgna beban masarakat nang wayah PPKM,” pungkasé. (*)

 

Disunting: Irsyam Faiz

Tags: bantuan sosialseniWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Borong Medali di ASEAN Para Games, Banyu dapat Bonus Rp 50 Juta dari Bupati Tegal
Warta Ngapak

Mborong Medali neng ASEAN Para Games, Banyu Olih Bonus Rp 50 Juta seka Bupati Tegal

10 Agustus 2022
Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat
Warta Ngapak

Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

10 Agustus 2022
Diduga Korsleting, Rumah di Mejasem Tegal Luder Terbakar
Warta Ngapak

Listrik Konslét, Umah nang Mejasem Tegal Entong Prontong Dipangan Geni

9 Agustus 2022
Warga Losari Brebes Gagalkan Aksi Pencurian Motor, Pelaku Dikejar Hingga Tertangkap 
Warta Ngapak

Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

9 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Atifa, Juara Dunia Pencak Silat Asal Tegal Bercita-cita Masuk Korps Wanita Angkatan Laut

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Trek sing Ngangkut Puluhan Motor Klasik Kobongan nang Tol Kanci-Pejagan, Tunané Atusan Juta

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

  • Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In