Wisata Guci Dibuka, Tapi Pengunjungé Diwatesi Sedina 3.000 Wong – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wisata Guci Dibuka, Tapi Pengunjungé Diwatesi Sedina 3.000 Wong

Kabéh kuwé dilakoni nggo nyegah nyebaré virus corona. Ébén wong sing plesir ora pada ketularan.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
30 Oktober 2020
1 min read
0
Foto: Pengunjung Padati Wisata Guci Tegal Saat Libur Panjang

Wisata Pemandian Air Panas Guci, Kabupaten Tegal dipadati pengunjung saat libur panjang, Kamis (29/10/2020). (Foto: Bentar/PanturaPost)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Kepala Unit Pelaksana Teknis Daerah (UPTD) Guci, Kabupaten Tegal, Ahmad Abdul Khasib ngomong, pihaké nerapna pembatasan wayah preinan dawa wulan Oktober taun kiyé. Kaya jumlah pengujungé dikendalikna nang angka 3.000 pengunjung.

Kabéh kuwé dilakoni nggo nyegah nyebaré virus corona. Ébén wong sing plesir ora pada ketularan. Soale, saiki ésih nang wayah pageblug.

“Dadi kapan neng jero monitor kendali nudukna jumlahéng pengunjung sing manjing seakéh 3.000 wong, dadine dhéwék lakoni penutupan sasuwénéng 1 jam mengarep. Maksudé, nggo mékena kesempatan pengunjung metu seka kawasan Guci. Hal kiyé nggo ngantisipasi pengujung pada numpuk nang lokasi tertentu,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Pembatasan sing liya yakuwé layanan pemandian umum air panas ésih dineb. Termasuk pancuran 13 karo pancuran 5. Hal kiyé ngacu nang kebijakan Dinas Pariwisata Provinsi Jawa Tengah.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

“Dhéwék kudu taat karo kebijakan kuwé, termasuk dibatesiné tingkah polahé pengunjung. Kapan ana pengunjung sing ora gelem nuruti protokol kesehatan, kepaksa dhéwék arahna metu kawasan wisata. Hal kuwé dhéwék lakoni karo tetep koordinasi karo TNI POLRI utawa Satgas COVID-19 kecamatan lan désa .

“Kekait asal daérah pengunjung ora dhéwék watesi. Sadawaneng pengunjung waras lan taat protokol kesehatan lawasé nang kawasan wisata,” tambahé

ADVERTISEMENT

Sementara kuwé, salah siji koordinator pemandian tertutup Basuki ngomong, salah siji pemandian dibuka, tapi pemandian nganggo protokol kesehatan. Pemandian kiyé mung khusus sa kamar sa wong.

“Dadi pemandian air panas kiyé mung khusus sa kamar sa wong. Kebeneran pemandian kiyé sistemé kaya kolam. Dadi sa kamar mung sa wong lan banyu sing nggo adus kuwé banyu sing mili. Yah pemandian kiyé salah siji tamba elom wong-wong plesir soalé wisata pemandian air panas sing umum ésih dineb.” (*)

Tags: Berita ngapakTegalWarta NgapakwisataWisata Guci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In