TEGAL – Kawasan wisata pemandian air panas Guci Kabupaten Tegal dihampad banjir bandang, dina Jemuah (24/2/2023). Akibaté kawasan pemandian pancuran 13 Guci sementara ditutup.
“Udan gemerot sing kedadén pirang dina kiyé ngakibatna kali sing ana nang kawasan Guci ngalami banjir bandang. Pemandian air panas Pancuran 13 ya sementara ditutup soalé kena lumpur lan pasir,” tuturé Pengelola Wisata Pemandian Air Panas Pancuran 13 Heri Siswanto maring PanturaPost, dina Saptu (25/2/2023).
Kejadian banjir kaya kiyé, jaréné, sering kedadén wayah manjing mangsa rendheng. Tapi nggo banjiré ésih normal lan aman.
“Saben manjing wulan Februari kuwé biasané banjir. Nggo banjir wingi kedadén sawisé wilayah Guci udan sajegé dina Slasa nganti dina Jemuah sadina med,” jaréné.
Jaréné, banjir bandang wingi kedadén sekitar jam loro awan nganti jam papat soré. Sekitar jam lima soré banjir bandang wis molai mulai surut lan nganti saiki. Soré kuwé uga pekerja langsung ngresiki sisa material banjir.
“Sisa material sing ana nang lingkungan Pancuran 13 kuwé mung pasir tok. Mata air panas nang Pancuran 13 kuwé sabeneré ésih aman, mung kolam tok sing kena pasir. Sajegé sore nganti ésuk kiyé ésih lagi diresiki.”
Jaréné, pemandian air panas sing kena banjir bandang mung sing perek karo Kali Gung. Nggo wisata Guci ésih aman. Tapi, pengujung kudu tetep waspada neng mangsa rendheng kiyé.
“Karo kondisi sing lagi diresiki, Pancuran 13 Guci sementara ditutup. Yén wis resik maning nembé dibuka,” jaréné. (*)
Discussion about this post