BREBES – Warga Desa Tambakserang, Kecamatan Bantarkawung, Kabupatén Brebes, gégér gara-gara ketemuné banyu sing memper kaya lenga, dina Slasa (22/9/2020). Lokasi ditemuknané banyu kuwé ana nang pinggir Kali Siraja desa kononé.
Saiki lokasi kuwé wis diwéin wates polisi. Banyu kuwé katon warnané coklat pekat lan mambuné memper kaya lenga utawa bahan bakar minyak (BBM).
“Miki nyong maring lokasi sawisé olih laporan seka warga. Mambuné kaya solar,” omongé Camat Bantarkawung Eko Supriyanto.
Dhéwéké ngomong, banyu kuwé pertama pisan ditemukna daning telung warga sing lagi ngeduk bolongan nang kali. “Sajegé wingi (Senen) wong telu kuwé ngeduk kali nggo luruh sumber banyu,” jaréné.
Bolongan kuwé dikeduk sajero 1,5 meter. Wayah ngeduk, ujug-ujug metu banyu kentel jenisé kaya lenga warnanan semu coklat.
Banyu kuwé latané dijukut lan sawisé disuled karo korek jebulé bisa kekobong. Temuan kuwé daning warga latané dilaporna maring pihak Pemrentah Désa.
Pihak Pemdés saiki wis njukut conto banyuné. Lan, warga uga diwanti-wanti ebén ora nginungi banyu sing perek karo lokasi ditemuknané banyu kuwé.
“Wis dhéwék laporna maring Cabdin EDSM Prov Jateng wilayah Slamet Lor. Rencana ngesuk pan dilakoni survey,” omongé Eko. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Bolongan kuwé dikeduk sajero 1,5 meter.

Discussion about this post