BREBES — M Yusuf, wong Brebes sing kepaksa nyolong ayam nggo tuku susu anaké akhiré dibebasna seka tuntutan Jaksa. Kejaksaan Negeri (Kejari) Brebes ngandegna tuntutan kasus kuwé nganggo dasar keadilan réstoratif.
Yusuf kuwé warga Désa Cenang, Kecamatan Songgom, Brebes. Wayah kedadénan, dhéwéké sempet nggo empan-empanan masa lan motor nang umahé dibodhol warga sing émosi.
Jaré Kepala Kejaksaan Negeri (Kajari) Brebes Mernawati, perkara kuwé bisa dirampungna neng luar prosés persidangan sawisé rong pihak sepakat pada damai.
“Alhamdulillah, dhéwék wis bisa ngandegna penuntutan perkara pidana umum karo prosés Restorative Justice sesuai karo aturan sing kanggo,” jaré Mernawati, dina Kemis (13/1/2022).
Sementara kuwé, Kuasa Hukum Negara sing ndampingi Pelaku nyolong ayam loro, Tunya, ngaprésiasi upaya keadilan réstoratif sing dijukut Kejari Brebes.
Dhéwéké nyebut, angger apa sing dilakoni pelaku merga kondisi kangélan ékonomi. Pas kuwé, sadurungé nyolong ayam pelaku kekéderen merga anaké nangis lan kentékan susu.
“Bengi-bengi pas kuwé anaké nangis, kliéné nyong kekéderen soalé susu anaké nang umah enték. Latané metu ngumah, weruh ana ayam loro klendangan. Wayah nangkep ayam, konangan warga lan dilaporna maring pihak kepolisian,” jaré Tunya.
Kasipidum Kejari Brebes Parabowo Saputro ngomong, Réstoratif dadi upaya ngrampungna perkara neng luar jalur hukum utawa peradilan. Yakuwé karo ndisitna médiasi antara pelaku karo korban dilaksanakna sesuai karo Aturan Jaksa Agung (Perja) No 15 taun 2020 ngenani penghentian penuntutan berdasarkan Restorative Justice.
“Rong perkara sing dhéwék usulna setuju nggo diandegna penuntutan, nganggo dasar keadilan restorative. Neng hal kiyé dhéwék uga nglibatna tokoh masarakat utawa tokoh agama setempat,” jaréné.
Dhéwéké nyebut, ora sakabéhanéng perkara tindak pidana umum olih utawa bisa diprosés Restorative Justice. Sebab, salah siji syaraté kudu wis damai antara tersangka karo saksi korban utawa pihak korban. Latané kelakuan tindak pidana karo anceman ukuman nang ngingsor limang taun penjara.
“Karo syarat-syarat tertentu, kaya sing wis disetujuni daning Jam Pidum sing diajukna maring Kajati Jateng nggo olih persetujuan, dadiné Jam Pidum pan nglakoni Penghentian penuntutan berdasarkan keadilan dan hati nurani,” ungkapé. (*)
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post