TEGAL – Wong Désa Kalibakung, Kecamatan Balapulang, Kabupaten Tegal, pada heboh gara-gara ana wong nemu mayid nang ingsoréng brug kali Gung, dina Minggu ( 2/7/2020). Lubar diévakuasi, mayit lanang sing laka identitasé kuwé digawa maring RSUD dr Soesilo Slawi.
Babinsa Désa Kalibakung Kecamatan Balapulang Krisbiantoro ngomong, mayit kuwé dingerténi wong sing sokan glondang glandung nang dalan. “Angger nurut keterangan warga kononé, wong lanang kuwé ana nang sekitar lokasi awit dina Kemis,” tuturé maring PanturaPost.com, dina Minggu (2/7/2020).
Wayah ditemukna, laka tanda pengenal utawa idéntitas karo ciri-ciriné ora klambinan, mung ngganggo clana kolor/cendek, karo rambut dawa lan kumisen uga jénggoten.
Ana pirang warga Désa Karangjambu ngomong, nang dina Jemuah, wayah ngisuhi jeroan kéwan kurban weruh wong lanang kuwé lagi njagong nang watu lan ngekumna sikil nang kali. “Warga sekitareng jam tengah loro awan weruh dhéwéké wis ninggal nang iringaneng watu kali,” omongé.
Sementara kuwé, petugas Puskesmas Bumijawa lan anggota PMI Kabupaten Tegal Abdul Kholik ngomong, mayit sing ditemukna nang kali Gung digawa maring Rumah Sakit RSUD dr Seosilo Slawi. Wayah nangani mayit kuwé, anggota PMI nganggo APD pepek.
“Sesuai SOP wayah pandemi. Soalé dhéwék belih ngarti jenazah kuwe suscpect COVID-19 apa ora,” terangé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post