Wong Lanang nang Tegal sing Maténi Bojoné Akhiré Modar – Panturapost.com
Rabu, Agustus 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wong Lanang nang Tegal sing Maténi Bojoné Akhiré Modar

Dhéwéké nunjleb dada lan guluné déwék nggo lading wayah pan dicekel polisi.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
27 November 2021
2 min read
0
Sempat Coba Bunuh Diri Saat Ditangkap, Tersangka Pembunuh Istri di Tegal Akhirnya Tewas

Tersangka meninggal dunia di RSUD dr Soesilo Slawi saat penanganan medis akibat luka serius di leher dan dada.

1.9k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

TEGAL — Trisno alias Slamet (35), wong lanang sing maténi bojoné dhéwék, Masrukha, nang Désa Dukuhjati Wetan, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupatén Tegal akhiré ninggal, dina Jemuah (26/11/2021). Dhéwéké nacak bunuh diri wayah pan dicekel polisi.

Tersangka ninggal dunya nang RSUD dr Soesilo Slawi wayah ditangani médis merga luka sing temenanan nang gulu lan dada.

Wakil Diréktur Pelayanan RSUD Soesilo Slawi, dr Titis Cahyaningsih MMR wayah dikonfirmasi ngiyakna kabar kuwé. Pasién atas nama Trisno ninggal dunya sekitar jam wolu ésuk.

ADVERTISEMENT

“Sekitar jam loro ésuk pasien teka, karo kondisi wis madan ora sadar lan diater daning polisi,” jaréné.

Baca Juga

Tak Jadi Dipindah, Pasar Malam HUT RI Tetap Digelar di Kompleks GOR Brebes

Ora Sida Dipindah, Pasar Malem Agustusan Tetep nang Kompléks GOR Brebes

6 Agustus 2022
Polisi Bulakamba Brebes Bekuk Pelaku Penggelapan Sepeda Motor 

Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

6 Agustus 2022

Sawisé dipriksa luwih lanjut daning dokter jaga, Titis nglanjutna, pasién ana luka nang gulu lan dada. Latané pas kuwé dipriksa wis syok utawa ténsiné mudun ngantikan mudun kesadarané.

Saliyané kuwé, ana luka sing ngenani saluran pernafasan lan nglarani rongga dada. Mugané kedadén pendarahan nang rongga dada.

Latané dokter bedah uga nglakoni tindakan lan getih wis ditokna. Tapi keadaan secara umum pasién kurang apik. Hal kuwé merga pendaharan sing semadan akéh.

“Dhéwék wis lakoni upaya upaya sesuai standar médis. Tapi pasién ora bisa ketulung sekitar jam wolu ésuk. Lukané rapi. Angger rapi kuwé biasané luka benda landep,” jelasé.

Sadurungé, tersangka sempet buron sasuwéné limang dina sawisé nunjleb dada lan guluné bojoné dhéwék nganti mati, dina Minggu 21 Novémber 2021. Lubar maténi korban, tersangka langsung kabur.

Kasat Reskrim Polres Tegal AKP I Dewa Gede Ditya wayah dikonfirmasi ngomong, penangkepan kuwé dilakoni sawisé polisi ngerténi posisiné tersangka.

“Sadurungé dhéwék wis ngarti posisiné tersangka ana nang umahé batiré. Dhéwék langsung tangkep,” jaréné.

Dingerténi, tersangka nganggo pit onthel sing dicolong daning dhéwéké nang daérah Balamoa, Kecamatan Pangkah nggo lunga maring umah batiré.

ADVERTISEMENT

Sadurungé disergap, tersangka jebulé ngarti ketekanan tim Satereskrim Polres Tegal. Dhéwéké ya mlayu manjing maring njero umah. Malah sempet pan bunuh diri karo nunjleb gulu lan dadané nganggo lading.

“Pas kuwé dhéwék singkirna disit ladingé, nembé dhéwék amana. Barang kaya kuwé, tersangka dhéwék gawa maring RSUD dr Soesilo Slawi. Tersangka ngalami luka temenanan nang gulu lan dada gara-gara tunjleban lading sing dilakoni dhéwéké,” jaréné.

Tags: Suami Bunuh IstriWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Bupati Pemalang Dicekel KPK, Wis Poma Rong Poma Aja Ana Maning Adol Tuku Jabatan
Warta Ngapak

Bupati Pemalang Dicekel KPK, Wis Poma Rong Poma Aja Ana Maning Adol Tuku Jabatan

16 Agustus 2022
Mitos Mandi di Pancuran 13 Guci pada Malam Jumat Kliwon Bisa Awet Muda
Warta Ngapak

Angger Malem Jemuah Kliwon, Adus nang Pancuran 13 Guci Jaré Bisa Nggawé Awet Enom?

14 Agustus 2022
Pemkab Brebes Gelontorkan Anggaran Rp 15 M pada Tahun 2023 untuk Pemilu Serentak 2024
Warta Ngapak

Pemkab Brebes Nyiapna Anggaran Rp 15 Miliar nang Tahun 2023 Nggo Pemilu Taun 2024

13 Agustus 2022
6 Rumah di Slawi Terbakar Diduga karena Arus Pendek
Warta Ngapak

Enem Umah nang Tegal Entong Kobongan Gara-Gara Listrik Kongslet

13 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Critané Sambo Wektu Dadi Kapolres Brebes, Dikenalé Apik Maring Kabéh Kalangan

  • Dadi Tersangka Kasus Maténi Brigadir Yosua, Kiyé Kondisi Umahé Bripka RR nang Keturen Tegal

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In