Wong Loro nang Brebes Nggo Jambalan Warga Gara-gara Konangan Nyolong Motor – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wong Loro nang Brebes Nggo Jambalan Warga Gara-gara Konangan Nyolong Motor

Jaréné dhéwéké kepeped soalé ora duwé duwit.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
18 Agustus 2020
1 min read
0
Aksinya Kepergok Warga, 2 Pencuri Sepeda Motor di Brebes Babak Belur Diamuk Massa

2 pelaku curanmor di Brebes diamankan polisi dari amukan warga. (Foto: Fajar Eko)

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Nang Désa Tegalglagah, Kecamatan Bulakamba, Kabupatén Brebes, ana wong loro benjut diamuki wong-wong, dina Senen, 17 Agustus 2020. Jebulané wong loro kuwé bar konangan daning warga lagi nyolong motor.

Informasi sing ditampa PanturaPost.com nyebutna, ke loro pelaku yakuwé spesialis tukang nyolong motor lan bekas metu seka penajara. Pelaku sing masing-masing arané, Jasriyanto (52) lan Suchemi (44), kuwé dingerteni warga Kabupatén Pemalang.

Sadurungé aksiné konangan daning warga, potongané wong loro kuwé katon nyurigakna. Pelaku kuwé mlaku muter-muter nang sekitar parkiran sing ana nang désa kononé nggo ngincer sa unit motor. Sawisé kepergok nggondhol sa unit motor Honda Béat, ke loro pelaku ya latané dicekel lan nggo jambalan daning puluhan warga.

ADVERTISEMENT

Malah, pelaku sempet diarak ramé-ramé maring balé désa Tegalglagah. Untung baé, ora let suwé tim unit Réskrim Polsék Bulakamba teka nggo ngamanna ke loro pelaku sing diantemi wong-wong.

Baca Juga

Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

“Nganti saiki dhéwék ésih nglakoni pengembangan kasus nyolong motor kiyé. Apa, ana TKP liyané dhéwék ésih lakoni pendalaman,” omongé Kanit Réskrim Polsék Bulakamba, Ipda Tasudin.

Nggo sementara, dhéwéke ngomong, pihaké ngamanna rong pelaku nang penjara Mapolsek Bulakamba. Merga kasus kiyé, ke loro pelaku diancem karo kurungan penjara lawasé pitung (7) taun.

Wayah diinterograsi, pelaku Jasriyanto ngaku kepaksa nglakoni aksiné kuwé merga kepépéd kebutuhan ékonomi. Soalé wis ahli, dhéwéké mung mbutuhna wektu ora nganti telung (3) menit nggo nggondhol motor siji.

ADVERTISEMENT

Lah, nggo barang bukti sing diamanna petugas, nang antarané yakuwé sa unit motor honda vario dadi sarana pelaku lan sa unit motor honda béat ndéké korban. Saliyané kuwé, polisi uga ngamanna kunci Letter T siji. (*)

Disunting: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapaknewsWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Lawasé 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran
Warta Ngapak

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In