Wong nang Lebaksiu Pada Kuatir Umahe Keleb Gara-gara Pintu Airé Mblesek – Panturapost.com
Selasa, Mei 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wong nang Lebaksiu Pada Kuatir Umahe Keleb Gara-gara Pintu Airé Mblesek

Angger ora gagiyan didandani, warga ya kuwatir pan mblébér maring pemukiman.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
11 Januari 2022
2 min read
0
Pintu Air di Lebaksiu Ambles, Warga Khawatir Melebar ke Pemukiman
1.6k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

TEGAL — Pintu air nang Désa Dukuhlo, Kecamatan Lebaksiu, Kabupatén Tegal ambles gara-gara kaliné banjir gedhé nemen pas lagi dina Ahad (9/1/2022). Kondisi kuwé nggawé dalan Dukuhlo-Babakan tugel lan duwé poténsi mblébér maring perumahan warga. Angger ora gagiyan didandani, warga ya kuwatir pan mblébér maring pemukiman.

Tiswo (44) warga RT 1 RW 2 Désa Dukuhlo, wayah ditemoni, dina Senén (10/1/2022) ngomong, kedadénan awal ambles yakuwé neng wulan Novémber 2021. Tapi, kondisiné selot parah wayah kedaden banjir lagi dina Ahad (9/1/2022) soré.

“Pas kuwé kedadén banjir, malah banyu nganti manjing maring pemukiman. Dhuwuré banyu sekitar 20 céntiméter,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Tiswo ya ngaku kuwatir wayah udan barat kedadén maning. Pasalé, pintu air ambles lan nggawé banyu mluntrah. Banyu seka pintu air ya dipastikna pan manjing maring pemukiman lan nggawé umah warga keleban banjir. Saliyané pintu air ambles, brug désa uga tugel.

Baca Juga

Pulang Ujian di Sekolah, 2 Santri di Lebaksiu Tewas Tertabrak Kereta Api

Pulang Ujian di Sekolah, 2 Santri di Lebaksiu Tewas Tertabrak Kereta Api

24 Maret 2022
Upaya Pemkab Brebes Atasi Banjir Bumiayu: Hulu di Gunung Slamet Harus Jadi Hutan Lindung

Upaya Pemkab Brebes Atasi Banjir Bumiayu: Hulu di Gunung Slamet Harus Jadi Hutan Lindung

28 Februari 2022

“Dhéwék kepaksa luruh dalan liyané nggo aktifitas, soalé brug tugel,” ungkapé.

ADVERTISEMENT

Wayah ngileng nang lapangan, pintu air sing misahna banyu irigasi maring pirang lahan pertanian nang wilayah kuwé, ambles gara-gara udan barat sing kedadén nang wilayah Kabupatén Tegal, dina Ahad soré (9/1/2021).

Akibaté, banyu mluntrah lan ngecémbongi ana pirang umah nang sekitar pintu air kuwé. Sementara kuwé, brug nang pintu air Dukuhlo tugel gara-gara dihampad banyu kali kuwé. Malah, separo dalan gripis ngantikan nugel dalan kuwé.

Bencana kuwé olih perhatian seka Komisi III DPRD Kabupatén Tegal sing ngileng langsung pintu air kuwé, dina Senén (10/1). Kunjungan dipimpin daning ketua Komisi III Munif lan wakilé M Khuzaeni.

Sementara kuwé, ana kunjungan uga seka Balai Besar PSDA Pemali-Comal, Bidang SDA DPU Kabupatén Tegal lan Badan Penanggulangan Bencana Daérah (BPBD) Kabupatén Tegal.

“Nyong rasa kiyé kudu gagiyan ditangani, apamaning brug sing dadi akses dalan warga Dukuhlo kepedot. Ora mung akses ékonomi lan pendidikan, tapi uga dalan nggo pemakaman,” jaré Ketua Komisi III DPRD Kabupatén Tegal Munif.

Saiki, jaré Munif, sing ndesak dilakoni yakuwé dandanan pintu air lan normalisasi kali. Pasalé, kondisi sa pintu air lan sedimentasi dhuwur nemen, mugané banyu mluntrah maring perumahan warga.

“Nggo kali kiyé kewenangané yakuwé PSDA. Dhéwék nyurung nggo dandanan sacepeté,” tegasé.

Kasi Pengendalian dan Pendayagunaan Balai PSDA Pemali-Comal, Anung H Anindityo ngakoni ari dandanan dadi kewenangané. Tapi, anggaran asalé seka APBN nggo alokasi pemeliharaan.

Nggo pintu air Dukuhlo utawa sing diarani Bangunan Wadas 4 DAS Gung, wis dianggarna sajroné APBN taun 2022 segedhé Rp 90 juta. Dandanan pintu air kuwé direncanakna molai pertengahan wulan Fébruari 2022.

“Nggo dandanan wis dianggarna lan gagiyan molai pertengahan wulan Fébruari,” omongé. (*)

Disunting: Irsyam Faiz

 

Tags: BanjirLebaksiuPintu Air
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265
Warta Ngapak

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 
Warta Ngapak

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon
Warta Ngapak

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Viral Video Emak-emak di Pekalongan yang Buang Sampah di Tepi Jalan
Warta Ngapak

Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan

13 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In